Back

ⓘ Bonang




                                               

Pluntur

Pluntur ya iku pérangan gamelan kang awujud tali kang dironcé miturut kebutuhan siji gamelan. Kanggoné gendèr, slenthem dinggo ngrèntèng wilah-wilah lan diwènèhi tancepan pakon supaya wilahan bisa gumantung. Yèn kanggo kethuk, kenong, kempyang lan bonang dironcé ana ing rancakan kanggo numpangaké wijèn-wijèn gamelan mau. Pluntur uga ditalèkaké ana ing gong, kempul, suwukan kanthi ancas kanggo nggantung pérangan mau ana ing gayor supaya yèn ditabuh bisa nyuwara kang apik.

                                               

Énéng-énéng

Énéng-énéng ya iku jinis ricikan atawa waditra ning gamelan Jawa. Rupaé kaya bonang nanging ukurané cilik lan nadaé dhuwur nemen. Jaré Palgunadi, waditra iki wis tuwa nemen lan cikal-bakal waditra bonang kang ana ning jaman sekien. Waditra iki ning jaman bengién bisa diwerui sing reliéf candi, prasasti, lan rontal. Ning Musium Sonobudoyo Yogyakarta uga bisa dideleng sisa waditra énéng-énéng iki. Baka dideleng sing pérangan kang ngasilaken swara, waditra iki kegolong ricikan bunderan alit. Susunan énéng-énéng laras sléndro ana sepuluh nganti patang welas 14 nada kang ditata lan kedudukané s ...

                                               

Gendhing Bima Kurdha

Gendhing Bima Kurdha ya iku salah sawijining gendhing Jawa kang awujud soran. Sora kuwi mujudaké tembung sora kang entuk panambang -an. Gendhing Bima Kurdha kuwi awujud ladrang, ing sagongan gendhing Bima Kurdha ana wolung thuthukan. Instrumèn kang ditabuh nalika nyuguhaké gendhing mau ya iku saperangkat gamelan jangkep kaya ta Demung, Saron, Kendhang, Peking, Slenthem, Kenong, Kethuk, Kempyang, Kempul, Bonang Barung, Bonang Penerus, Bonang Panembung, lan Gong Gedhe, Kabeh instrumèn mau wis ana pathokan cara nabuhé dhéwé-dhéwé ana kang mipil, ana uga kang ngetegi. Gendhing Bima Kurdha ing ...

                                               

Uyon-uyon

Uyon-uyon asalé saka tembung "manguyu-uyu" sing tegesé pasugatan gendhing kang mirunggan. Biyasané ana ing gegendhingan nalika nduwé gawé. Yèn ngandhakaké uyon-uyon kuwi ora bisa uwal saka sing jenengané karawitan. Karawitan bisa kanggo ngiringi apa waé, ananging yèn uyon-uyon ora bisa, amarga uyon-uyon kuwi pagelaran karawitan sing ngadeg dhéwé. Tuladha adicara utawa éwuh sing biyasa ana uyon-uyoné ya iku acara mantèn, syukuran lan sakpituruté.

                                               

Gambang Semarang

Gambang Semarang ya iku salah sijiné kesenian kang ana ing Semarang, kesenian iki gabungan antarané jogèd lan diiringi musik Gamelan Jawa nanging nadhané nadha Diatonis utawa nadha musik modern. Gambang semarang wis ana wiwit taun 1930, paguyuban iki anggotané warga asli lan turunan Cina kang mapan ing gedung Bian Hian Tiong ing Gang Pinggir. Jinis piranti musik kang dienggo ya iku kendang, bonang, kempul, gong, suling, kècrèk, gambang lan uga nganggo cak lan cuk uga nganggo penyanyi. Ing taun 1950-an, jogèd khas Semarang iki sabeneré wis rada suda pamoré. Gambang Semarang naté katula-tula ...