Back

ⓘ Beksan Jawa




Beksan Jawa
                                     

ⓘ Beksan Jawa

Seni Jogèd Jawa iku awujud seni jogèd kang adi luhung, sakral lan relijius. Jogèd Jawa akèh jinisé, ing antarané Srimpi, Bedhaya, Gambyong, Wireng, Prawirayuda, Wayang-Purwa Mahabarata-Ramayana. Mligi ing Mangkunagaran mau Jogèd Langendriyan, kang njupuk saka carita Damarwulan.

Jogèd kang kawentar ing Kraton Sala antawisipun Bedhaya Ketawang lan Srimpi. Miturut Kitab Wredhapradhangga kang dianggep pangripta jogèd Bedhaya Ketawang iku panjenengané Sultan Agung 1613-1645 ratu kapisan krajan Mataram. Jogèd Bedhaya Ketawang ora mung ditampilaké nalika jumenengan nata anyarananging uga saben taun sapisan ing dina jumenengan utawa Tingalan Dalem Jumenengan.

                                     

1. Jinis Jogèd Bedhaya

  • Bedhaya Gandrungmanis suwéné durasi jogèd 60 menit
  • Bedhaya Ketawang suwéné durasi jogèd 130 menit
  • Bedhaya Pangkur suwéné durasi jogèd 60 menit
  • Bedhaya Tejanata suwéné durasi jogèd 60 menit
  • Bedhaya Kabor suwéné durasi jogèd 60 menit
  • Bedhaya Duradasih suwéné durasi jogèd 60 menit
  • Bedhaya Mangunkarya suwéné durasi jogèd 60 menit
  • Bedhaya Endhol-endhol suwéné durasi jogèd 60 menit
  • Bedhaya Sinom suwéné durasi jogèd 60 menit
                                     

2. Bedhaya Ketawang

Kaistiméwan Jogèd Bedhaya Ketawang:

  • Sandhangan para penari lan gendhing / tembang kudu manut paugeran kang ana.
  • Pilihan dina latihan lan penampilan saben Selasa Kliwon Anggara Kasih.
  • Lakuné para penari nalika metu lan mlebu menyang Dalem Ageng tansah ngiteri Sinuhun kanthi arah manengen.
                                     

2.1. Bedhaya Ketawang Sandhangan penari

  • Lapisan ngisor nganggo cindhé kembang, warna ungu, lengkap nganggo pendhing bermata lan bunta.
  • Dodot banguntulak.
  • Riasan pasuryan kaya riasan temanten putri.
  • Sanggul bokor mengkureb lengkap kanthi perhiasan-perhiasané, kang dumadi saka: centhung, garudha mungkur, sisir jeram saajar, cundhuk mentul lan ngango tiba dhadha untaian rerangkèn kembang kang digantungaké ing dhadha pérangan tengen.
                                     

2.2. Bedhaya Ketawang Rakitan penari

  • Apit mburi
  • Apit ngarep
  • Batak
  • Gulu
  • Endhel weton
  • Rakitan jogèd lan jeneng paragané béda-béda. Ing larikan ngarep para penari lungguh lan njogèd kanthi urutan kaya mangkéné
  • Boncit
  • Apit meneg
  • Endhel ajeg
  • Dhada

Sajeroning mbeksa mesthi waé urutané ora tetep nanging owah-owah miturut adegané, nanging ana ing panutup jogèd banjur lungguh manèh jèjèr telu-telu. Sawisé iku iring-iringan mlebu menyang Dalem Ageng, uga kanthi ngiteri sakiwané Sinuhun.

                                     

3. Srimpi

Saliyanén jogèd kang sakral mau Kraton Kasunanan/Pakubuwono uga nyiptakaké jogèd liya kaya ta Jogèd Srimpi, ya iku jogèd kang nggambaraké perang tanding loro satriya.

Jinis Jogèd Srimpi

  • Muncar
  • Gandokusuma
  • Dhempel Sangopati
  • Srimpi padelori
  • Arjuno Mangsah
  • Srimpi lobon
  • Dempel
  • Andong-andong
  • Elo-elo
  • Gambir sawit
                                     
  • Beksan Srimpi inggih punika babagan ingkang dados sebatanipun tiyang èstri ingkang mbeksa wonten ing Kraton Ngayogyakarta. Semanten ugi kaliyan bedhaya
  • Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra iku sawijining beksan jinis tradhisional kang asalé saka Kutha Salatiga. Beksan kasebut mimbanaké bab bregada garwa
  • Puter média Beksan laras utawa tarian kang laras ya iku gerak tari kang digunakaké kanggo pambuka tari - tarian klasik. Gerak tari iki migunakaké sampur
  • Beksan Topeng Lénggér, Lénggér ateges tledhek lanang. kalebu jogèd tradhisional, kang wes banget lawase dikenalke ana tlatah Jawa Tengah. Lénggér, saka
  • Beksan Lawung Gagah ya iku salah sawijining jogèd karya Sultan Hamengkubuwono 1 kang padhatan minangka acara wigati kaya ta mangayubagya tamu lan pernikahan
  • Beksan Gambyong punika salah satunggaling beksan saking Surakarta. Miturut kabar gethok tular ingkang kepanggihan, tembung gambyong kapendhet saking juru
  • Beksan Wireng ya iku jogèd kang nggambaraké perang utawa latihan perang lan njupuk tema keprajuritan. Wireng minangka genre jogèd kanggo wong lanang kang
  • Tarub - Nawangwulan inggih punika salah satunggaling nama beksan ingkang kapundhut saking beksan gagrag Yogyakarta. Beksan punika nyariosaken Jaka Tarub. Wonten ing salh
  • Beksan Gandrung inggih menika salah satunggaling tari utawi beksan saking dhaérah Banyuwangi, Jawi Wétan. Tembung Gandrung dipuntegesi minangka kasengsemipun
  • ya iku maestro beksan Jawa Klasik kang misuwur saka Surakarta. Retno Maruti lair 8 Maret 1947 umur 72 taun ing Baluwarti, Sala, Jawa Tengah. Retno kang
  • beksan Gambyong ingkang wonten ing kraton Mangkunagaran. Beksan punika pinathok ing warni gendéra Mangkunagaran inggih punika ijo lan kuning. Beksan Gambyong