Back

ⓘ Wong Bèrbèr




Wong Bèrbèr
                                     

ⓘ Wong Bèrbèr

Wong Bèrbèr utawa wong Amasigèn yaiku sawijining golongan étnis kang asliné saka Afrika Lor. Wong-wong iki sumebar ing wewengkon kang nyrambahi péranganing Samodra Atlantika tekan Oase Siwa ing Mesir, lan saka Segara Tengah tekan Kali Niger. Ing sujarahé, wong-wong iki nyaturaké basa Bèrbèr, singa salé saka cawangé basa Bèrbèr saka kulawarga basa Afroasiatika. Awit panalukan Muslim Afrika Lor ing abad kapitu, wong Bèrbèr kanthi cacah akèh kang ndunungi wewengkon Maghribi éntuk sawenèh ngèlmu ngenani manéka warna basa kang ana ing Afrika Lor. Sawisé kolonialisasi Afrika Lor déning Prancis, "Pamaréntah Prancis kasil ngaworaké basa Prancis ing Aljazair kanthi ngukuhaké basa Prancis minangka basa nasional kang resmi lan nguwajibaké kabèh pandhidhikan dilakokaké ana ing Prancis." Basa asing, mligi basa Prancis lan sawenèh basa Spanyol, katurunaké saka kolonial Éropah, digunakaké déning wong Bèrbèr kang pinter ing Aljazair lan Maroko ing sawenèh kontèks formal, kaya déne pandhidhikan kang luwih dhuwur utawa bisnis.

Ing dina iki, akèh-akèhé wong Bèrbèr dedunung ana ing nagara-nagara ing Afrika Lor, mligi ing Aljazair lan Maroko; sawenèh cacah jiwa wong Bèrbèr uga tinemu manggon ana ing Niger, Mali, Libya, Mauritania, Tunisia, Burkina Faso lan Mesir, uga brayan-brayan imigran kang akèh tinemu ing Prancis, Kanada, Bèlgi, Walanda, Jerman, lan ing nagara-nagara Éropah liya.

Mayoritas wong Bèrbèr nganut agama Islam Sunni. Jati dhiriné wong Bèrbèr lumrahé ngluwihi bab basa lan étnisitas, lan nyakup kabèh bab sujarah lan géografisé Afrika Lor. Wong Bèrbèr dudu sawijining étnis kang homogén kabèh, wong-wong iki uga nyakup sawenèh bab fenotipé, masarakat lan leluri. Bab kang manunggalaké wong Bèrbèr bokmenawa basa kang padha, utawa sawenèh jati dhiri ngenani bab pituwah lan sujarahé wong Bèrbèr.

Ana sawenèh selawé tekan telungpuluh yuta wong kang nyaturaké basa Bèrbèr ing Afrika Lor. Cacahé wong étnis Bèrbèr kalebu kang dudu panutur basa Bèrbèr luwih akèh, amarga akèh wong Bèrbèr kang wis nyinaoni basa-basa liya ing sawenèh pangajaran sasuwéné dhékade utawa abad, lan ing dina iki uwis ora nyaturaké basa Bèrbèr manèh. Mayoritas cacah jiwané wong Afrika Lor dipitaya yèn asliné iku wong Bèrbèr, sanajan amarga anané Arabisasi akèh wong étnis Bèrbèr kang nganggep dhiriné minangka wong Bèrbèr kang angka Arabisasi.

Wong Bèrbèr ngarani dhiriné mawa sawenèh warna saka tembung i-Mazigh-en tunggalé: a-Mazigh, kang ngemu teges "wong swatantra" utawa "wong kang luhunh". Jeneng iku bokmenawa nduwé gegayutan kuna marang jeneng abasa Roman lan Yunani, "Mazices". Sawenèh wong Bèrbèr kuna kang kondhang yaiku Numidian ratuné Masinissa, ratu Jugurtha, panganggit Bèrbèr-Roman Apuleius, Santo Agustinus saka Hippo, lan jéndral Bèrbèr-Roman yaiku Lusius Quietus, kang nduwé dhapukan kang gatèn ing ngatasi pamrontakan gedhé-gedhénan déning wong Yahudi ing115–117. Dihya utawa Kahina iku sawijining pandhéga Bèrbèr wanita ing babagan militèr lan agama kang mandhéga wong Bèrbèr nglawan ambahing wong Arab-Muslim ing Afrika Lor-Kulon. Kusaila iku wong lanang abad kapitu lan pandhéga suku Awraba ing brayat agung Bèrbèr lan Ratu Sarékat Sanhadja.

Wong Bèrbèr kang kondhang ing sadawaning sujarah kalebu Yusuf ibnu Tashfin, ratuning Bèrbèr kakaisaran Almoravid; Tariq ibnu Ziyad jéndral kang nelukaké Hispania; Abbas Ibnu Firnas, sawijining panemu lan panggagas ing bab aviasi; Ibnu Battuta, sawijining panjlajah tengahan kang uwis njlajah adoh banget ing jamané.

                                     

1. Dhiaspora

Bèrbèr ngadegaké brayan agung ing Mauritania sacedhaké kutha krajan kakaisarané Malia, yaiku Timbuktu. Ing taun 2004 ana watara 2.2 yuta imigran Bèrbèr ing Éuropah, mligi wong Riffian ing Bèlgi, Walanda lan Prancis sarta wong Aljazair saka Kabyles lan pituwahing Chaouis ing Prancis.

                                     

2. Basa

Basa Bèrbèr minangka cawang Kulawarga basa Afroasiatika, lan turuné saka basa proto-Afroasiatika. Cawang kulawarga basa Afro-Asiatik kang kèri dhéwé misah saka basa Bèrbèr isih dadi rembug tekan sapréné, nanging akèh ahli basa kang sarujuk yèn kuwi basa Mesir utawa basa Chadic deleng Kulawarga basa Afroasiatika.

Basa Bèrbèr dituturaké déning udakara telungpuluh nganti patangpuluh yuta wong ing Afrika deleng murwatan cacah jiwa. Panutur basa Bèrbèr iki akèh-akèhé ana ing Maroko lan Aljazair, banjur Mali, Niger lan Libya. Brayan panutur basa Bèrbèr kang luwih cilik uga tinemu ana ing Mesir wétan kang paling adoh, kanthi wates Kidul-Wétan ing Burkina Faso.

Basa Bèrbèr dumadi manéka warna basa kang caket gegandhèngané. Ing antarané idiom-idiom iki yaiku Riff, Kabyle, Shilha, Siwa, Zenaga, Sanhaja, Tazayit Atlas Tamazight Tengah, Tumzabt Mozabite, lan Tamasheq, sarta uga basa Guanche kuna. Tamazight yaiku jeneng umum kanggo kabèh basa Bèrbèr.

                                     
  • Éropah lan Sagara Tengah. Para batur tukon iku asliné antarané wong Yunani, Iliria, Bèrbèr Jerman, Karajan Manunggal, Trasia, Gaulia, Yahudi, Arab lan
  • ana ing populasi sing ndunungi Aljir lan kutha - kutha liya. Mèh ora ana wong - wong katurunan Éropah ing Aljazair, sapérangan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan
  • taun 2018, gunggung populasiné wewengkon iki ngancik luwih saka 100 yuta wong Algeria Ceuta Ènklav Spanyol Libia Mauritania Melilla Ènklav Spanyol