Back

ⓘ Kirkuk




Kirkuk
                                     

ⓘ Kirkuk

Kirkuk ya iku sawijining kutha ing Irak lan mujudaké kutha krajané Kagubernuran Kirkuk ing Irak, 238 kilomèter sing dumunung ana pérangan lor kutha Baghdad. Wewengkoné Kirkuk iki nduwé populasi sing manéka warna lan basa sing dituturaké uga rupa-rupa, kawit pirang-piran abad kapungkur. Démografiné Kirkuk ngalami owahan nalika ana urbanisasi Kirkuk ing abad ka-20, sing njalari anané manéka warna golongan ètnis mara menyang Kirkuk. Wong Kurdhi, wong Turkmen, wong Arab lan wong Suryani padha carukan ngenani wewengkon iki, lan padha ndhesek tuntutan bab tanah iki migunakaké crita, lan latar wuri sajarahé kanggo nyengkuyung tuntutané dhéwé-dhéwé. Wong Turkmen ing Irak nganggep Kirkuk minangka kutha krajané Turkmeneli.

Kutha Kirkuk iki dumunung ana ing sakupenge patilasané Kutha Kirkuk, sanané kutha kuna ing Asyur, ya iku Arrapha, saka tengahaning milénium kaping 3 SM, sing prenahé ana ing sacedhaké Kali Khasa. Kutha iki disebutake ing salah sawijining tulisan kuneiform nalika jaman Sumero-Akkadian ing Asyur saka 2400 SM. Wewengkon iki dadi péranganing kakaisaran Akkadian 2335–2154 SM sing manunggalaké wong Mésopotamia sing nuturaké basa Akkadian lan Sumeria ana sangisoring siji pamaréntahan. Sawisé kakaisaran iki bubar, wong Gutian sing nyaturaké basa isolat, golongan ras saka Iran Kuna, nguwasani wewengkon iki suwéné sawenèh abad, lan Arrapha didadèkaké kutha krajané, banjur nalikané jaman pamaréntahan Mésopotamia déning wong Sumeria sasuwéné 2112-2004 SM, wong Gutian iki diusir saka wewengkon kono. Banjur kutha kasebut didunungi akèh-akèhé déning wong Hurrian sing nuturaké basa isolat saka Anatolia wétan. Tumuli, wewengkon iki digabungaké ana sangisoré Kakaisaran Kuna Asyur 2025–1750 SM. Arrapha dadi kutha ing Asyur sing penting nganti bubaré kakaisaran Asyur antarané 615–599 SM. Banjur Arrapha uga dadi salah sawijining pérangan géo-politik ing provinsi Asyur sangisoré manéka warna pamaréntahan asing. Ing antarané abad ka-2 SM lan ka-3 Masèhi dadi kutha krajané nagara ing Asyur Anyar ya iku Beth Garmai, nuli wewengkon iki diteluk déning kakaisaran Sassanid lan dadi pérangané Assuristan.

Wong Kurdhi lan wong Turkmen ngarani kutha iki minangka kutha sana budaya. Kutha iki dijenengi kutha "sana budaya Irak" déning kamentrèn kabudayan Irak ing 2010. Kutha iki saiki akèh-akèhé didunungi déning wong Kurdhi, wong Arabs, wong Turkmen ing Irak, lan wong Asyur.

                                     

1. Démografi

Sènsus sing miyatani ngenani golongan ètnis sing ana ing Kirkuk titimangsané saka taun 1957. Tapal watesé provinsi Kirkuk diowahi, provinsiné salin jeneng dadi al-Tamim lan dhistrik sing akèh didunungi wong Kurdhi didadèkaké pérangané provinsi Erbil lan Sulamaniya.

                                     

2. Rujukan

Kapustakan

  • Edwards, Iorwerth Eiddon Stephen; Charlesworth, Martin Percival; Boardman, John 1970. The Cambridge Ancient History: Vol. 1, part 2. Cambridge University Press. Dibukak ing 3 January 2013.
  • Edwards, I. E. S.; Gadd, C. J.; Hammond, N. G. L. 1991. The Cambridge Ancient History: Vol. 1, pt. 1. Cambridge University Press. Dibukak ing 3 January 2013.
  • Anderson, Liam; Stansfield, Gareth 2011. Crisis in Kirkuk: The Ethnopolitics of Conflict and Compromise. University of Pennsylvania Press. ISBN 0-8122-0604-5.
  • Bosworth 1954. The Encyclopaedia of Islam Vol. V. Brill. pp. 144–147. ISBN 90-04-06056-1.
                                     

3. Uga wacanen

Dibabar ing abad ka-19
  • Edward Balfour, ed. 1871. "Kirkook". Cyclopaedia of India and of Eastern and Southern Asia 2nd ed. Madras.
  • Charles Wilson, ed. 1895, "Kirkuk", Handbook for Travellers in Asia Minor, Transcaucasia, Persia, etc., London: John Murray, OCLC 8979039
Dibabar ing abad ka-20
  • "Kerkuk", Palestine and Syria 5th ed., Leipzig: Karl Baedeker, 1912
  • "Kerkuk", Encyclopædia Britannica 11th ed., New York: Encyclopædia Britannica Co., 1910, OCLC 14782424
Dibabar ing abad ka-21
  • Michael R.T. Dumper; Bruce E. Stanley, eds. 2008, "Kirkuk", Cities of the Middle East and North Africa, Santa Barbara, USA: ABC-CLIO, ISBN 1576079198
                                     
  • Brno Républik Ceko Dijon Perancis Monterrey Meksiko Riga Latvia Kirkuk Irak Saratov Rusia Taipei Taiwan Sendai Jepang Cithakan: Country
  • Revolusi Islam ing taun 1986. Panjenenganipun ndhèrèk ing misi - misi ing Kirkuk Irak. Panjenenganipun lajeng dados insinyur kepala wadyabala kaenem Korps