Back

ⓘ Uyon-uyon




                                     

ⓘ Uyon-uyon

Uyon-uyon asalé saka tembung "manguyu-uyu" sing tegesé pasugatan gendhing kang mirunggan. Biyasané ana ing gegendhingan nalika nduwé gawé. Yèn ngandhakaké uyon-uyon kuwi ora bisa uwal saka sing jenengané karawitan. Karawitan bisa kanggo ngiringi apa waé, ananging yèn uyon-uyon ora bisa, amarga uyon-uyon kuwi pagelaran karawitan sing ngadeg dhéwé. Tuladha adicara utawa éwuh sing biyasa ana uyon-uyoné ya iku acara mantèn, syukuran lan sakpituruté.

                                     

1. Jinis Uyon-uyon

Jinisé uyon-uyon ana telu, sing sepisan yaiku uyon-uyon lengkap. Uyon-uyon lengkap utawa jangkep kuwi sing ana kabèh piranti karawitan ning njerone. Sing kapindho yaiku Gadhon, yaiku uyon-uyon sing nggunakake piranti karawitan mung saperangan, ora nganggo bonang, kethuk, kempul lan kenong. Sing katelu Cokekan, yaiku uyon-uyon sing mung diiringi gender, siter, kendhang, rebab lan gong gedhe.

                                     

2. Unsur Uyon-uyon

Unsur ing sajroning uyon-uyon ana papat cacahé. Kapisan, ya iku gamelan. Gamelan ya iku tetabuhan sing ana akèh cacahé, ana saron, kenong, kempul, kethuk, demung, gong lan sapanunggalané. Sing kapindho, ya iku niyaga utawa wiyaga. Niyaga utawa wiyaga yaiku wong sing nabuh gangsa utawa gamelan. Sing kaping telu, ya iku lelagon. Wujudé lelagon ing uyon-uyon ana ladrang, srepeg, ketawang lan sakpanunggalané. Sing kaping papat ya iku sindhen. Sindhen ya iku wong wedok sing nyanyi ana ing uyon-uyon, yèn wong lanang sing nyanyi jenengané wiraswara.