Back

ⓘ Godhong jarak




                                     

ⓘ Godhong jarak

Saka sasi Mei 2005, kedadeyan "Demam Jarak" ing Indonesia. Tandhuran jarak ing taun 2005 wis anyak dingertèni masyarakat sing dijenengi jarak pager. dijenengi kuwi amarga tandhuran iki patut ditandhur ing Indhonesia kanggo pager mbatesi lemah ladhang, pager bates dhesa, pager kuburan, uga bisa kanggo gantine watu nisan. Tandhuran jarak pager uga bisa diarani tandhuran liyar ning pinggir dalan. tandhuran iki digunakaké kanggo pager amarga godhongé ora bisa kanggo pakan kèwan kaya sapi lan wedhus. Dadi bisa nglindhungi tandhuran sing ana ning njero pager.

Jarak pager uripé nyebar ning dhaérah-dhaérah ing Indonesia. Bisa didhelok saka akèhé jeneng dhaérah kaya ta nawaih nawas Nangroe Aceh Darussalam, jirak Sumatra Kulon, jarak kosta, jarak kusta, jarak budheg, lan kalaké Sunda, jarak gundhul, jarak cina, jarak iri lan jarak pager Jawa, kalakhe paghar Madura, jarak pager Bali, lulu nau, lulu ai fula, paku luba, paku lunat, lan jarak pageh Nusa Tenggara, lan sapituruté.

ing forum ilmiah, jarak pager ndhuwèni jeneng Jatropha curcas LINN. Ing basa Yunani latrós artiné Dokter, déné trophé artiné pangan utawa nutrisi. Kanthi aranan liya Jatropha curcas artiné tandhuran obat. Nanging, tandhuran iki uga dingertèni tandhuran kanggo ngasilaké lenga lampu. Jatropha curcah uga isih ndhuwèni mupangat rena-rena.

jarak pager Jatropha curcas L. yaiku tandhuran sing ndhuwé potensi ndhuwur kanggo ngasilaké bahan bakar nabati khususé biodiesel. Kaya kuwi amarga wiji jarak ndhuwé kandhungan lenga sing dhuwur, yaiku 30-50 %, jarak pager yaiku tandhuran sing ndhuwèni daya adaptasi sing amba, lan lenga jarak iku sipaté non edible oil tanpa lenga sing bisa dipangan saéngga ora saingan karo ngebaki kebutuan pangan Hambali et al., 2007. Piranti tandhuran kanggo sumber ngembangaké tandhuran jarak pager saiki akèh sing awujud provénan sing ora jelas idéntitasé, saéngga produktivitasé isih cendhék lan durung stabil. Upaya ngembangaké tandhuran jarak kanggo bahan baku alternative bioènèrgi, mbutuhaké kegiyatan kanggo ngapikné génétik tandhuran jarak pager. Cara sepisan kegiyatan pemulian tandhuran yaiku introduksi sing dilakokaké kanthi cara ngèksploitasi plasma nuftah awis saka njero utawa njaba negri. Prosés nyelèksi tandhuran jarak pager sing apik didhisiki saka titikané, benjur mbandingaké saka titikan-titinkan sing ana ing plasma nuftah kanggo ngéntukaké aksesi-aksesi sing poténsial kanggo dikembangaké saya luwih ning program pemuliaan tandhuran. Awit taun 2007, Pusat Penelitian Surfaktan dan Bioenergi SBRC-LPPM-IPB wis nglakokaké éksplorasi jarak pager ing sawenèh dhaérah ing Indonesia lan ngintroduksi jarak agonomi, uga nganalisis grombol adhedhasar marka molekuler RAPD saka 30 aksesi jarak pager koleksi SBRC.

                                     

1. Sejarah

Sawisé kedadéyan krisis lenga ing taun 1970an lan saya kurangé cadhangan lenga dunya, lenga saka tandhuran anyak diingeti dadi salah siji cara alternative kanggo ngganti candhangan lenga dunyaHenning 2000; Pratt et al. 2002.

Kanthi cara tradisional wiji tandhuran jarak digunakake kanggo obat tradisional lan prodhuksi sabun Duke 1983; Henning 2002. Uripé tandhuran jarak iku bisa diarani cepet lan bisa ngasilaké wiji sawisé umur kurang luwih 1-3 taun, gumantung saka kondisi curah udan lan kaya piye cara ngakèhiné Heller 1996. Kanggo ngebaki bibit tandhuran jarak sing berkualitas apik, kudu ndelok rong factor yaiku kualitas lan kuantitas bibité. Nyediani bibot sing berkualitas apik lan saka cacah sing akèh uga kudu pas wektuné kudu nentokaké kasil saka persemaian. Kerep kedadèn kurangé bibit dudu merga kurangé cacah utawa aboté bibit sing ana, ananging merga kulaitas bibité sing èlèk. Kedadèn kaya ngéné iki bisa kedadèan ing dhaérah sing ora ndhuwé tandhon bibit sakjenis saéngga kudu nekakaké saka njaba. Sawenèh dhaérah ing Indonesia wis ngembangaké tandhuran jarak wis suwé,kaya ta dhaérah Lampung lan Mataram. Nanging saka panalitén babagan perkecambahan pertumbuhan lan perkembangan kanthi jangkep khususé tandhuran jarak daka sawenèh dhaérah durung akèh dilakokaké. Saka panalitén iki bisa dikaji perkecambahan wiji jarak sing asalé saka dhaérah Propinsi Lampung lan Mataram Propinsi Nusa Tenggara Kulon ing media kanh béda uga uripé semainé ing tingkat sing béda.

                                     

2. Titikan

Jarak pager iku wité cilik utawa bentuké belukar gedhé dhuwuré nganti 5 mèter lan nyabang morak-marik. gangangé kayu, bentuké silindris, lan ana tlutuhé. Tandhuran iki bisa urip nganti 50 taun suwéné. Diakèhi wiji lan sètèk. Saka wiji bisa dadi akeh bakal urip 5 oyot, yaiku 1 oyot tunggang lan 4 oyot cabang. Sakliyané kuwi bibit sing asalé saka sètèk ora ndhuwé oyot tunggang.

Godhong jarak wujudé godhong tunggal, wernané ijo enom uga bisa ijo tuwa, godhong sing sisih ngisor wernané radho kéthok pucet tinimbang sisih ndhuwur. Bentuké rada kaya driji ana 5-7 lekukan saben godhongé, dhawané kira-kira 6–16 cm, ambané godhong uga 6–15 cm, sing uripé keseling-seling. dhawané gagang kira-kira 4–15 cm.

Kembang jarak wernané kuning semburat ijo, ujudé kembang majemuk, bentuké malai. omahé siji lan kembangé unisèksual. kadhang kala ditemokaké kembang hérmaprodit. cacahé kembang wadon 4-5 luwih akeh tinimbang kembang lanang. Kembang wadon kasusun ning reroncèning cawan sing njedhul ning gagang sisih ndhuwur lan ngisor godhong kanggo kembang terminal. Prosès perkembangbiakané iku liwat kéwan ngégat lan kupu-kupu.

wohé bentuké kendaga,bundher oval ujudé woh kothak, diamèteré kira-kira 2–4 cm. wernané ijo menawa durung mateng lan kuning menawa wohé wis mateng. woh Jatropha curcas matengé ora bisa bareng. Sakreroncèn iku ana kembang, woh sing isih enom uga woh sing wis garing. Woh tandhuran jarak iku kapérang dadi telung panggonan sing saben panggonan iku isiné 3-4 wiji.

wijiné bentuké bundher lonjong. wernané coklat semburat ireng, ukuran dhawané kira-kira 2 cm lan kandhelé kira-kira 1 cm aboté 0.4-0.6 gram saben sijiné. Jarak pager yaiku jenis spèsiès diploid 2n = 22 kromosom, panèn pisanan bisa dilakokaké yen umuré 6-8 sasi sawisé nanem kang akèhé 0.5-1.0 ton wiji garing saben hèktar saben taun. Banjur arep diunggahaké kanthi ana tatané lan bakal stabil kira-kira 5 ton saben taun kelima sawisé nanem

                                     

3. Cara Budidaya

Jarak pager ditandhur kanthi nggunakaké wiji sing wis disemai dhisik kurang luwih rong sasi suwéné. Mèdia pembibitan sing digunakaké yaiku pupuk kandhang pitik lan lemah nganggo perbandingan 1:1 V/V. Ngopèni ning pembibitan arupa nyirami, ngendalèkaké ama lan penyakit uga ngendhalèkaké guna.

Bibit jarak pager sing umuré wis rong sasi, ditandhur ning lapangan kang jaraké diatur 2m x 2m. jeroné kerukan kanggo nandhur iku 30 cm x 30 cm x 30 cm, saben bolongan diwènèhi pupuk kandhang 5 kg. Pas transpalating, lemahé dicarup rata karo pupuk kandhang sing wis ditambahi 15 gram mikoriza Technofert, 50 gram SP-36, lan 10 gram KCl saben tandhuran. Sawise tandhuran iku umur kurang luwih sesasi, tandhuran diwènèhi 20 gram urea saben wit. Upaya iki kanggo ngendhalèkaké ama lan penyakit tandhuran, nyirami, mbumbuni, lan nyiangaké gulma. Tandhuran jarak ora kudu dikethok.

                                     
  • Araning Godhong ing tandhuran dèning basa Jawa, kaya ta: Godhong asem jenengé sinom Godhong jarak jenengé bledhèg Godhong lombok jenengé sabrang Godhong kecipir
  • dhahar. Luwih becik yén Godhong déwa digawé lalapan. Obat Lara Memar Njupuk godhong lan umbi Godhong déwa 20 gram. Godhong jarak seger 10 lembar. Campur
  • pavonina Godhong tuwuhan iki manawa dicampur godhong suruh bisa kagunakake minangka tamba gowèhen. Isiné mendemi kaya déné woh jarak pager utawa jarak kepyar
  • Lontar disambiguasi Rontal tegesé: ron tal, godhong wit tal utawa uga kerep lontar iku godhong wit siwalan Latin palmyra utawa borassus flabellifer
  • rumpun mudha yang tingginya 20 25 cm. Kebutuhan bibit per hèktar dengan jarak tanam 1 x 1 m ya iku sebanyak 10.000 stek atau rumpun. Waktu tanam yang
  • alas - alas dhuwur, antarané jarak 300 - 1500 mèter dhuwuré saka segara. Sanajan ora lumrah ditandur wong ing ngomah, nanging godhong dhadhap duwèni khasiat kang
  • kandhang utawa kompos 10 ton ha. Sawisé lemah diratakake, digawé alur kanthi jarak antaralur 30 cm. Prayogane alur mau digawé mujur saka sisih kulon tekan
  • kenari ngasilaké gum mung nalika godhong wiwit thukul. Nalika mangsa katiga, wit mau ana ing mangsa dorman, tanpa godhong lan ora ngasilak resin. Minyak
  • Dibukak ing April 26, 2012. - - - Biodiesel Nyamplung, Di antara Jenuhnya Jarak Pagar dan Tuntutan Kebutuhan Bioenergi, Majalah Online Traksi, Ikatan Mahasiswa