Back

ⓘ Babad Pakepung




Babad Pakepung
                                     

ⓘ Babad Pakepung

Babad Pakepung inggih menika karyanipun saking Kyai Yasadipura II. Naskah menika kalebet wonten ing jaman Surakarta enggal lan dipunlebetaken wonten ing serat enggal. Naskah Babad Pakepung dipunserat wonten ing jaman pamréntahanipun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV. Kitab Babad Pakepung menika nyariyosaken rikala Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV ngupakara tiyang ingkang dipunanggep sekti, dipunwastani Bahman, Wiradigda, Panengah, lan Nursaleh. Bab menika dadosaken sujana pamréntah Walandi lan Kraton Ngayogyakarta amargi badhe dadosaken prekawis ingkang ageng. Ananging, piyambakipun anyangka bab kasebat dadosaken gègèr.

Kejawi saking menika, Surakarta dipunkepung kaliyan bala tentara saking Kraton Ngayogyakarta, pamréntah Walandi, lan Mangkunegaran. Masarakat Kraton Surakarta liwung lan gorèh sanget. Icalipun kasedhihan sarta bibaripun barisan-barisan ingkang ngepung menika amargi wontenipun berkah kaliyan pitutur saking tiyang-tiyang sepuh wonten ing Surakarta. Piyambakipun nyukani pitutur supados 4 sekawan tiyang sekti ingkang badhe dadosaken kisruh wau dipuncepeng.

Kitab Babad Pakepung dèrèng naté dipuncithak. Naskah menika éndah sanget. Kitab menika ngagem métrum tembang Macapat. Babad Pakepung menika nyariyosaken babagan pamréntahan wonten ing jaman Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV ingkang boten mulus, amargi Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV naté ngraos kepojok. Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV dipunkepung saking kathah angkah, inggih menika saking Walandi, Mangkunegaran, Ngayogyakarta, lan wewengkon brang wetan sisih wetan.

Kadadéyang menika saged kalaksanan amargi Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV badhé amisahaken dhiri saking Kompeni Walandi lan gadhah pangajeng-ajeng safed dados ingkang paling kuwat wonten ing antawisipun sainganipun wonten ing dhinasti Mataram. Kadadéyan kepojok menika bonten ngantos dangu, kirang langkungipun tigang sasi kémawon wonten ing taun 1790 M.

                                     

1. Serat Lantaran

Wonten ing ngandhap, injih menika cuplikan serat pengantar ingkang wonten ing Babad Pakepung:

  • Sahaturé dhinahar mring aji, nata supé mring pamongira rina wengi ésuk soré, mung sétan papat iku, kang ginagas-ka gagasing galih, abdi pamongira, awit kala timur Ngabèi Yasadipura, was sinunglur, tan kanggep saaturnèki, dadya nahèn sungkawa.
  • Ingadhepan abdi kang tan yukti, nama Panengah lan Wiradigda, Bahman kelawan Nursalèh, samya ngadoni atur, pinrih benggang lawan Kumpeni, aturnya mring sang nata, wong papat punika, kathah sasanggupira, atemahan kawedhar tyasnya sang aji, kényut mring setan papat.
  • Kang sinawung sekar gula milir, duk jumeneng dalem jeng susunan, nenggih Paku Buwane, je kang Abdurrahman iku, Sayidina panata gami, Senapati Ngalaga, ingkang kaping catur, kang Ngadhaton Surakarta, dèrèng lama dénya jumeneng narpati, wantu nata taruna.
                                     

2. Téma Cariyos Babad Pakepung

Tema cariyos wonten ing Babad Pakepung antawisipun:

  • Kakerasan: Amargi Susuhunan Paku Buwana IV medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni Walandi, Kumpeni ngraos kadadeyan menika andadosaken bebaya kangge Kumpeni Walandi. Kajawi saking menika, sakbibaripun ngawontenaken parundngan kaliyan Sultan Ngayogyakarta, Kumpeni mendhet margi kakerasan. Wujud kakerasan inggih menika awujud pangepungan lan badhe nggempur Kraton Surakarta.
  • Pangepungan: Téma pangepungan injih menika téma pokok saking cariyos Babad Pakepung. Cariyos Babad Pakepung saged dipunwastani anggadhahi téma pangepungan, amargi cariyos menika sami kaliyan irah-irahan kaliyan wohing pamikir tiyang ingkang nyerat. Inggih menika nyariyosaken pangepungan Kraton Surakarta ingkang dipunkepung kaliyan Kumpeni lan wadya balanipun. Pangepungan menika dipunlaksanakaken kaliyan Kumpeni amargi Susuhunan Paku Buwana IV mawi putusan sapihak medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni. Dipunwastani sapihak, amargi Paku Buwana IV boten langkung rumiyin nindakaken musawarah kaliyan tiyang ingkang dipunsrepeng nyukasi pitutur sarta pejabat kraton lèntunipun. Menawi Susuhunan Paku Buwana IV ingkang nata, langkung becik saged mirengaken pitutur saking Raden Ngabéi Yasadipura. Pangepungan kasebat andadosaken Raja Surakarta menika kuwur. Paku Buwana IV nembe sadhar nalika Kumpeni Walandi sampun nyata angepung nagari Surakarta lan badhe ngremukaken Surakarta, menawi boten enggal-enggal nyaosaken sekawan pangisruh wau. Wonten ing pungkasan, Susuhunan Paku Buwana IV sadar kaliyan kalepatanipun, lan Paku Buwana IV banjur ngawontenaken rerembagan kaliyan Raden Ngabéi Yasadipura lan para pejabat kraton sanesipun. Wonten ing parundingan kesebat, dipun-gayuh kamupakatan menawi para pangisruh wau dipuncepeng lan dipuncaosaken ing Kumpeni Walandi.
  • Kasetyan: Tema kasrtyan menika, dipunduduhaken sakin kasetyanipun Radèn Ngabéi Yasadipura tumprap rajanipun, inggih menika Paku Buwana IV. Mawi kasabaran lan kasetyan, Yasadipura tansah nyaosi pitutur kangge Raja Surakarta Susuhunan Paku Buwana IV.
  • Mbaléla: Mula bukanipun kadadeyan ingkan andadoisaken geger, inggih menika amargi tindak tanduk mbaléla Panengah; Wiradigda; Nursalèh; lan Bahman. Tindak mbaléla menika dipunlaksanakaken kaliyan abdi Raja Surakarta, ingkang ambujuk raja supados mutusaken pamitran kaliyan Kumpeni.
                                     

3. Aluraning Cariyos Babad Pakepung

Aluraning cariyon ingkan dipun-ginakaken wonten ing naskah Babad Pakepung menika ngagem alur lurus. Mula bukanipun cariyos, anggambaraken kawontenanipun Kraton Surakarta. Wekdal menika Susuhunan Paku Buwana IV, raja ing Surakarta ngawontenaken parembugan kaliyan Kumpeni babagan kontrak pamitran. Kumpeni dipunwakili kaliyan Jéndral Jan Grépé. Parembugan menika boten andadosaken kasil, amargi raja Surakarta angsal pambujukan lan pambalélanipun saking abdi, supados medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni. Jendral Kumpeni banjur kepanggih kaliyan Sultan Ngayogyakarta lan ngrembag babagan kasebat. Lajeng, cariyon wiwit angembang. Wonten ing Ngayogyakarta, angsal kamupakatan menawi Surakarta badhe dipunkepung saking kathah arah. Wonten ing babagan menika, Sultan nyuwun pitulungan kaliyan pasukan saking Jawa Tengah lan Jawa Timur, kalebet ugi Madura.

Pucaking cariyos mawi kempalipun bala pitulung Kumpeni wonten ing kitha Semarang. Lajeng, wadya bala prajurit saking Kraton Ngayogyakarta, Mangkunegaran, lan Kumpeni wiwit anyelaki Kraton Surakarta. Jan Grépé nyuwun menawi Panengah lan para mitranipun dipunwenehaken dhateng pihak Kraton Ngayogyakarta, Mangkunegaran, lan Kumpeni. Menawi boten purun, Kraton Surakarta badhe dipungempur lan risak. Kangge margi medal saking prahara menika, Susuhunan Paku Buwana IV ngawontenaken rerembagan kaliyan Radèn Ngabéi Yasadipura. Wonten ing pungkasan rerembagan, saged dipunpundhut margi kangge medal saking prahara, inggih menika Kangjeng Susuhunan purun wenehaken sekawan abdi kinasih ingkang sampun mbaléla wau dhateng Kumpeni Walandi. Saklajengipun, kitha lan Kraton Surakarta pulih dados Kraton ingkang rakyatipun adhem, ayem, lan tenrem. Wonten ing pungkasaning cariyos saking Babad Pakepung menika, dipun cariyosaken menawi dipunputusaken siti wewengkon Pacitan dipunwenehaken Surakarta kangge Kumpeni Walandi



                                     

4. Prawatakan

  • Susuhunan Paku Buwana IV, raja ing Kraton Surakarta: Anggadhahi watak gampil pitados kaliyan wicaranipun tiyang sanès, seneng mendhet putusan piyambak, lan tegas.
  • Panengah, Wiradigda, Nursalèh, Bahman: Anggadhahi watak srakah, seneng ngapusi, pengecut, seneng ngrèmèhake tumrap liyan, lan uga anggadhahi manah ingkang mbaléla.
  • Radèn Ngabéi Yasadipura: Anggadhahi watak setya, wicaksana, sabar, lan kebek dening pamikiran.
                                     

5. Latar Cariyos Babad Pakepung

Mula bukanipun kadadeyan menika wonten ing paséban Kraton Surakarta, lan Kraton Surakarta nalikanipun sekawan abdinipun raja ngojok-ojoki Susuhunan Paku Buwana IV supados medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni. Latar cariyos salajengipun inggih menika wonten ing Semarang, inggih menika papan kangge kempalipun bala pitilung Kumpeni saking Pati, Jepara, Surabaya, Gresik, Pasuruan, Sumenep, lan Madura. Saklajengipun, saksampunipun sekawan tawanan sampun dipuncepeng, Panengah, Wiradigda, Nursalèh, Bahman dipunpapanaken wonten ing Kapurbayan, papan panggénanipun Pangéran Purbaya. Wonten ing pungkasaning cariyos, sekawan tawanan menika dipunbuwang wonten ing Pulo Drus ing Teluk Jakarta.

                                     
  • kang diarani babad Karya ini nyaritakaké sajarah. Jinis iki uga ditemoni ing Sastra Jawa - Bali. Babad Giyanti Babad Prayut Babad Pakepung Babad Tanah Jawi