Back

ⓘ Senja di Jakarta




                                     

ⓘ Senja di Jakarta

Senja di Jakarta iku novèl kang rampung dianggit déning Mochtar Lubis ing sasi Maret 1957, nalika dhèwèké didadèkaké tahanan omah papréntahan Orde Lama. Novèl iki mauné nganggo sesirah Yang Terindjak dan Melawan". Ing taun 1967, Senja di Jakarta diangkat ing pilem kelir amba déning sutradhara Nico Pelamonia saka Tuti Mutia Film Production tanpa ana owah-owahan sesirah. Pilem iku nambah banjaran novèl Indonésia, kalebu Senja di Jakarta, kinarya wujud reproduksi sastra kang ora ndelokaké tataran pawiyatan masarakat.

                                     

1. Wiwitan kababar

Nalika taun 1961, Mochtar teka ing parepatan internasional Tel Aviv, undhangan saka IPI International Press Institute, sarana nggawa serat novèl Senja di Jakarta. Cipta ripta iku banjur dipertal ing basa Inggris déning Claire Holt nganggo sesirah Twilight in Jakarta" lan kababar ing Penerbit Hutchinson & Co taun 1963. Setaun sabanjuré, novèl iki kababar ing basa Walanda déning P.H. Fruithof nganggo sesirah Schemer over Djakarta". Ing Malaysia, Senja di Jakarta kababar nganggo basa Malayu lan sesirah Sendja di Djakarta" taun 1965 déning Pustaka Antara kang papane ing Kuala Lumpur. Novèl iki uga kababar ing basa Itali, Spanyol, Koréa Kidul, lan Jepang. Nalika taun 1970, novèl kang diserat Mochtar iku nembé kababar ing basa Indonésia déning Badan Penerbit Indonésia Raya lan cithakan kapindho déning Pustaka Jaya ing taun 1981. Novèl iki kababar manèh déning YOI Yayasan Obor Indonesia ing taun 1992.

                                     

2. Isi

Isine novèl ana wolu pérangan, kang ngemot panguripan ing kutha Jakarta saka sasi Mèi tekan Dhésèmber. Ing pungkasan crita, Mochtar mènèhi titimangsa Jakarta, 7 Maret 1957, nanging kang dadi critané yaiku kahanan sosial-naya Jakarta ing taun 1950-an. Kahanan Jakarta wektu kuwi digambaraké akèh wong sugih saya sugih lan kang mlarat saya mlarat. Liré mangkono, panguripan ing Jakarta saya rusuh, korupsi kang ngambra-ambra, lan tumidak kriminal kang kedadèn saben dinané.

Sanajan carita iki nyeritakaké babagan kuripan ing Jakarta, ning saupama sing maca novèl iki kanthi saksama, mula apa sing diceritakaké ing novèl iki bisa mènèhi kekuatan kang bisa mbentuk lan nyurung kauripan kang wong kang sugih, ora duwe, intelèktual, lan uga wong-wong kang bedhol désa menyang kutha.

                                     
  • Menyanyi di Kamar mandi, 1997. Dinny O Hearn Prize for Literary kanggé cerkak Saksi Mata, 1997. Khatulistiwa Literary Award 2004, kanggé novèl Negeri Senja Khatulistiwa
  • pikantuk Bebungah Sastra Nasional BMKN 1952 Tanah Gersang 1966 Senja di Jakarta 1970 Harimau Harimau 1975 pikantuk bebungah Yayasan Buku Utama
  • 1999 bersama Iwan Fals Perahu Retak 1995 bersama Emha Ainun Najib Senja Indah di Pasisir 1975 Kembalilah 1975 Balada Ali Topan 1976 Mangsa Bunga
  • Lobi - lobi taun 1995. Sawisé iku Marini Zumarnis main ing sinétron kang judhulé Senja Makin Merah, Shangrilla, Asmara ing taun 1996. Sinétron liyané kang uga dibintangi
  • 2001 Soetji Menulis di balik Papan Tulis Wacana Bangsa, 2005 Ketika Tembok Runtuh dan Bedil Bicara IndonesiaTera, 2002 Sedimen Senja Penerbit Buku Kompas
  • 1998 Mr Hologram 1999 Perempuan Satu Impian 2000 Kemilau Kemuning Senja 2001 Persari 2002 Laila Majenun 2002 De Trex 2003 Azab Ilahi 2004
  • Keroncong Kewajiban Pemuda Panta Selatan Gadis Gunung Harum Bunga di Waktu Malam Asmara Dewi Senja Buta Melati Pagi Asia - Afrika Bersatu Maju Sukarelawan Garuda
  • Lakon Di Kota Senja 2002 Waktu Nayla 2003 Sumi dan Gambarnya 2003 Bukan Pinang di Belah Dua 2003 Lemah Tanjung 2003 Pecinan di Kota Malang 2007
  • Lagi 2006 Sinetron kang tau dibintangi Cornelia Agatha. Opera Tiga Zaman Senja Merah Hati Si Doel Anak Sekolahan 1 - 5 Aku Ingin Pulang Cintanya Cinta Istri