Back

ⓘ Watek Jawa




Watek Jawa
                                     

ⓘ Watek Jawa

Wong Jawa iku nduwé watek utawa karakter sing sumberé saka kaanan "slamet", dadi kabèh sing dilakoni kudu nglairaké kaanan sing sarwa slamet. Kaanan iki mung bisa digayuh yèn kabèh pasangan bisa harmonis. Kanggo njaga kaanan karebèn tetep harmonis, wong Jawa kudu bisa ngoncati masalah sing bisa ngganggu kaharmonisan lan uga kudu bisa ngatasi masalah kanggo mbalèkaké kaharmonisan sing wis keganggu. Tujuan pungkasan urip harmonis iku kanggo nggayuh gegayuhan utama wong Jawa ya iku manunggaling kawula lan Gusti. Tujuan iki bisa digayuh yèn wong Jawa bisa dadi manungsa sing wutuh utawa dadi Aji saka liwat ajaran Kalimasada.

Miturut Serat Wulangrèh, gayutan sosial isih ngugemi sipat tradhisional kanthi urutan miturut umur, pangkat, bandha, lan awu ’tali kekerabatan’. Konflik tinarbuka sak bisa-bisané diendhani. Donya lair kang ideal ya iku donya kang saimbang lan selaras, kaya déné kasaimbangan lan keselarasan lair lan batin. Urip ora bakal nandang cacat yèn batiné tetep waspada. Kawaspadan batin kang terus terusan iku bakal nyegah tingkah laku, wicara, lan celathu sing kurang patut. Ngurangi mangan lan turu iku minangka latihan kang utama kanggo ngéntukaké kawaspadan batin. Saliyané kawaspadan batin uga diendhani watak sing ora becik, ya iku watak adigang, adigung lan adiguna. Suwaliké kudu miara watak" rèh", sabar lan" ririh", ora kesusu lan ati-ati. Kelakuan kang nguntungaké awaké dhéwé lan ngrugèkaké liyan kudu diéndhani, ngapusi dora, nyengit lan sawenang-wenang kudu diadohi. Yèn batiné wis waspada, tingkah lakuné kudu sopan, tingkah laku sopan ya iku tingkah laku kang:

  • Reringa," sadurungé yakin tenan tumrap keputusané iku"
  • Deduga," ditimbang kanthi premana sadurungé nglangkah”
  • Prayoga," ditimbang apik alané"
  • Watara," dipikir matengsakdurungé mènèhi putusan"
                                     

1. Tata krama

Tata krama utawa etikèt iku norma-norma kanggo nata perilaku karebèn bisa santun. Sing ditata iku seliyané perilaku uga tutur basa. Sumber-sumber ajaran bisa saka wongtua, kulawarga, lingkungan, lan uga saka lakon-lakon pagelaran wayang. Ing lingkungan kraton, tata krama iki diterapaké kanthi ketat. Tembung-tembung: "boten pareng" utawa "ora ilok" iku dadi tandha yèn ana pelanggaran tata krama. Wong suku liya ngarani tata krama Jawa iku nduwéni sipat "alus". Tata krama Jawa iku antarané:

                                     

1.1. Tata krama Sing ana gegayutane karo sikap

  • Yèn lungguh, dengkul kudu rapet tumrap wanita
  • Mulat salira, hangrasa wani
  • Ora pareng ngitung untu utawa ngrungokaké wong tuwa sing lagi omong-omongan
  • Aja dumèh
  • Ora pareng jigrang
  • Ora pareng sangga uwang
  • Mèlu hangrungkebi
  • Aja adigang, adigung, adiguna
  • Mèlu handarbèni
  • Manjing ajur ajèr
  • Sepi ing pamrih, ramé ing gawé
  • Ora ilok lungguh ing bantal
  • Ora pareng mangan ing tengah lawang
  • Aja kagètan
  • Aja gumunan
  • Yèn nduding nganggo jempol tangan tengen
                                     

1.2. Tata krama Sing ana gegayutane karo wicara

  • Kudu tanggap ing semu lan sasmita
  • Yèn ngomong karo sing luwih tuwa kudu nganggo basa krama utawa krama inggil
  • Sakbisane cukup nganggo sasmita utawa nganggo sindiran sanepa
                                     

1.3. Tata krama Sing ana gegayutané karo ngabekti marang wong tuwa

Miturut Serat Wulang Sunu, pemimpin sing wicaksana kudu duwé sipat-sipaté déwa wolu ya iku: Indra, Yama, Surya, Bayu, Kuwera, Brama, Candra, dan Baruna. Déné sipat-sipat mau yèn diringkes kurang luwih kaya mangkéné:

  • Sang Hyang Baruna minangka Déwa Samudra, bisa nampung apa waé sing èlèk utawa apik, sabar lan duwé wawasan sing jembar.
  • Sang Hyang Indra minangka Déwa Udan, nyediaaké apa sing diperloaké déning bumi, mènèhi kasejahtran lan udan.
  • Sang Hyang Bayu minangka Déwa Angin, bisa mlebu ning endi waé tanpa kangèlan. Kabèh lelaku apik lan ala diweruhi tanpa sing nglakoni rumangsa.
  • Sang Hyang Yama minangka Déwa Pepatèn, mbasmi lelaku èlèk lan jahat tanpa pilih wulu.
  • Sang Hyang Kuwera minangka Déwa Kasugihan, ulet sajeroning ngumpulaké kasugihan kanggo kasejahtran warga masyarakaté.
  • Sang Hyang Candra minangka Déwa mBulan, lembut, ramah lan sabar karo sapa waé.
  • Sang Hyang Surya minangka Déwa Srengéngé, sipaté alon, ora kesusu, sabar, welas asih lan wicaksana.
  • Sang Hyang Brama minangka Déwa Geni, bisa ngobong, nggosongaké lan musnahaké apa waé, mènèhi pepadhang sajeroning pepeteng.


                                     

1.4. Tata krama Sipat Pemimpin Jawa liyané

Saliyané iku uga ana paugeran sing kawentar ngenani sipat pemimpin sing wicaksana ya iku:

  • Prasaja, prasaja;
  • Waspada purbawisesa, waspada;
  • Setya, loyal, utawa setia;
  • Ambeg parama arta, ndhisikaké prakara kang luwih wigati;
  • Gemi nastiti, gemi utawa hémat;
  • Taqwa, kudu trisna lan wedi marang Pangeran, kanthi nuruti kabèh préntah lan ngadohi laranganNé;
  • Ing madya mangun karsa, mèlu guyub nyambut gawé, ora mung mréntah waé;
  • Legawa, ikhlas lan ora égois.
  • Tut wuri handayani, nyurung saka mburi lan mènèhi kasemptan andhahan supaya duwé kréasi;
  • Ing ngarso sung tuladha, tansah mènèhi tuladha marang andhahané;
  • Belaka, jujur, transparan lan blaka suta;
                                     

2. Tata susila

  • Ngadohi Ma lima ya iku lelaku maling, main, madon, madat, minum ngombé arak
  • Sabar utawa sarèh
  • Sopan santun
  • Ikhlas
  • lan liyané
  • Tepa slira
  • Isin
  • Nrima
  • Rukun
                                     

3. Wacan

  • Mitologi dan Toleransi Orang Jawa, Benedict R.O.G. Anderson, Bentang Budaya, 2003
  • ETIKA JAWA Sebuah Analisa falsafi tentang Kebijaksanaan Hidup Jawa, Frans Magnis Suseno, PT Gramedia Pustaka Utama, 1996, ISBN 9794030058
                                     
  • Upacara adat Jawa Pengantenan adat Jawa Nyadran Rasukan adat Jawa Umah adat Jawa Kalendher Jawa Watek Jawa Keris Jawa Kagunan tradhisional saking Jawa
  • Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Sajeroning petungan Jawa saben dina duwé sipat utawa watek dhéwé - dhéwé. Dina Ngaat, wateké samudhana, tegesé seneng
  • sing tegesé wong sing drajadé asor ndilalah nemu kanugrahan sing ora kanyana mula banjur solah tingkahé murang tata. Watek Jawa Paribasa lan Saloka Jawa
  • kaliyan, tepa salira lan unggah - ungguh utawi adat istiadat tiyang Jawi lajeng dipunwastani ora nJawani utawi ora nJawa Watek Jawa Budaya Jawa Wong Jawa
  • watek 1 yaiku: 2. Tembung kang duwé watek 2 yaiku: 3. Tembung kang duwé watek 3 yaiku 4. Tembung kang duwé watek 4 yaiku: 5. Tembung kang duwé watek
  • Wuku sing dumadi saka sangang rupa kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané.. Makna lan watek saka saben dina mau ya iku: Dangu: tegesé watu
  • para warga utawa budaya kang baucampur saka Jawa Cina, Arab, Pakistan, utawa Barata kang padha duwé watek tinarbuka sarta sumanak ing Semarang uga bakal
  • tuladhanipun Rahwana dipunparagaken dados paraga ingkang gadhah watek saé, Pandawa gadhah watek ingkang boten tansah leres. Sujiwo Tejo gadhah misi badhé
  • individu mau. Fungsi kagunan iku kanggo ngalusaké perasaan, pikiran uga watek kepribadian, lewih lanjut kanggo ngalusaké tingkah polah utawa tingkah laku
  • limrahipun kanggé tiyang - tiyang ingkang gadhah kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipuntayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun
  • medal tansah mbekta ambetan kados tela ingkang dipunbakar. Gederuwo nggadhi watek remen ngganggu lan meden - medeni tiyang, anangin boten ngantos dadosaken
  • yaiku perabot Wuku kang dumadi saka wolung rupa, gunané kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané. Padéwan iku duwé nomer urut kang ora kena