Back

ⓘ Tembung ngoko jeneng




                                     

ⓘ Tembung ngoko jeneng

Tembung ngoko jeneng iku yèn dikramakaké dadi nama lan asma manut paugeran unggah-ungguhing basa. Ananging, ana sapérangan warganing masarakat sing duwé panganggep yèn tembung nama kuwi tembung krama sing luput, sing durung bener, temah banjur didandani utawa dibeneraké dadi nami.

                                     

1. Tembung krama désa

Ukara" nami kula Temen, pak” iku awujud tembung krama. Yèn dingokokaké, ukara iku dadi "jenengku Temen, pak". Dadi, tembung nami ing ukara mau ngramaké tembung jeneng.

Satemené, tembung nama kuwi minangka tembung krama sing wis bener, malah kalebu tembung krama sing baku. Yèn tembung sing wis bener iki diowahi kanthi ancas ndandani awit dianggep luput, asilé malah dadi ora bener. Ndandani tembung sing wis bener, sing malah ngasilaké tembung kang dianggep luput, iku diarani hypercorrect ndadani kang keliwat ing kad utawa keliwat ing wates. Dadi, tembung nami kuwi kena diarani tembung krama hipercorrect bener sing kladuk, sing kliwat saka ing wates.

Kajaba nami, tembung krama kang kalebu hipercorrect iku ana manèh liyané. Contoné, tembung udan ngoko dikramakaké dadi jawah, tembung jawah krama lugu sing baku dikramakaké manèh dadi jawuh, jawoh, utawa jaweh ; bisa ngoko dikramakaké dadi saged, tembung saged krama lugu sing baku dikramakaké manéh dadi waged ; ésuk ngoko dikramakaké dadi énjing krama baku, tembung énjing dikramakaké manèh dadi énjang ; jaran ngoko dikramakaké dadi kapal, tembung kapal krama lugu sing baku dikramakaké manéh dadi kèpèl. Kanthi mangkono, tembung jawuh, jawoh, jaweh, waged, énjang, lan kèpèl kalebu golonganing tembung krama hipercorrect.

Ing sajroné buku paramasastra Jawa tembung krama hpercorrect kuwi diarani krama désa. Ananging, jeneng krama désa iku satemené ora trep awit wong ing kutha uga ana sing nganggo tembung kaya mangkono kuwi. Sing cetha, dumadiné tembung sing kaprah diarani "krama désa" iku awit ana sapéranganing warga masarakat sing ora ngerti endi tembung krama sing bener lan sing luput. Jalaran tembung krama kaya mangkono kuwi nyebal saka paugeran, beciké tembung-tembung mangkono mau ora dianggo ing basa Jawa sing resmi.

                                     
  • utawa luhur Tembung krama inggil mung kaanggo ing basa ngoko alus lan krama alus. Tembung krama inggil ora duwé dhasar saka tembung - tembung liya, mula
  • Sangskerta. Jeneng tembung wiwitan Su - lan Wa - akèh tinemu ing lingkungan wong Jawa. Saliyané asal saka tembung Jawa lan Sangskerta jeneng Jawa uga kaprabawan
  • bisa dianggo tataran basa ngoko Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama. Tembung aran iku ing cara gagrag
  • basa Jawa saiki kalebu éwoning tembung krama, ya iku kanggo ngramakaké tembung iya ngoko Ing basa padinan tembung iki asring dicekak dadi nggih, malah
  • kudul pagunungan mujudaké carabasa kang nganggo basa ngoko ngoko andhap lan madya ing Semarang ana ing jaman saiki. Tembung : Ya ora.. ana ing carabasa Semarang
  • Tembung plutan yaiku tembung sing diringkes supaya luwih rikat pangucapané. Lumrahé tembung sing nduwéni rong wanda diringkes dadi sewanda. Tembung plutan
  • prabawa saka kraton, basa jawa amèh ora ana prabédan antara krama inggil lan ngoko Sawisé mangsa kraton - kraton jawa, basa jawa ngalami pangalusan, yaiku basa
  • wonten tembung - tembung ingkang bènten.Tiyang Tegal kathah migunakaken tembung Enyong Bae nDean lah thok ko lan sapanunggalanipun. Tembung Kula
  • nuduhaké yèn ɛ lan ɔ iku fonem contoné tembung ɔmbɔ jembar lan amba ngambah uga tembung kabe kulawarga berencana lan kabɛ kabèh
  • ngrembag babagan tembung Ing linguistik umum nyebutaké morfologi minangka kajian linguistik micro kang nyinaoni babagan struktur tembung lan prosès dumadine
  • Kawi uga dadi jeneng sawijining panggonan ing Malang, Jawa Wétan. Delengen Gunung Kawi. Ing Bali uga ana panggonan kang ingaran Candhi Gunung Kawi. Kawi