Back

ⓘ Biologi



                                               

Gesang

                                               

Obat-obatan

Obat yaiku zat sing nyebabake owah-owahan fisiologi utawa psikologi organisme nalika dikonsumsi. Obat biasane dibedakake karo panganan lan zat sing nyedhiyakake dhukungan nutrisi. Konsumsi obat bisa liwat inhalasi, injeksi, ngrokok, asupan, nyerep liwat tambalan ing kulit, supositoria, utawa pembubaran ing ngisor ilat. Ing farmakologi, obat minangka zat kimia, biasane saka struktur sing dingerteni, sing nalika diwenehake menyang organisme sing urip, ngasilake efek biologis. Obat farmasi, uga diarani obat utawa obat, minangka zat kimia sing digunakake kanggo ngobati, ngobati, nyegah, utawa ...

                                               

Héréditas

Héréditas, uga diarani warisan utawa warisan biologis, yaiku sipat utawa karakteristik tertentu sing diwarisaké saka wong tuwa menyang keturané; salah siji liwat reproduksi aseksual utawa reproduksi seksual, sel héréditas utawa organisme entuk informasi genetik saka wong tuwané. Liwat héréditas, variasi ing antarané individu bisa nglumpukaké lan nyebabaké spésies bisa tuwuh kanthi seleksi alam. Pasinaon héréditas ing biologi yaiku genetika. Genetika iku cabang ilmu biologi sing njelasaké persamaan lan pambedanan sifat sing diturunaké ing makhluk urip.

                                               

Imunologi

Imunologi minangka cabang biologi sing ngliputi panélitian sistem kekebalan ing kabèh organisme. Bagan imunologi, langkah, lan kontekstualisasi fungsi fisiologis sistem kekebalan awak ing kesehatan lan penyakit; malfungsi sistem kekebalan awak ing kelainan imunologis ; lan ciri fisik, kimia, lan fisiologis komponen sistem kekebalan in vitro, in situ, and in vivo. Imunologi duwé aplikasi ing pirang-pirang disiplin ilmu kedhokteran, utamané ing bidang transplantasi organ, onkologi, rheumatologi, virologi, bakteriologi, parasitologi, psikiatri, lan dermatologi. Istilah kasebut digawe dening a ...

                                               

Mikroorganisme

Mikroorganisme utawa mikroba minangka organisme sing cilik banget mula mbutuhake alat pitulung kanggo ngamati. Mikroorganisme uga diarani organisme mikroskopik. Mikroorganisme ono sing sèl tunggal utawa multisel. Nanging, sawetara protista kanthi sel tunggal isih bisa dideleng karo mripat lan ana sawetara spesies multisel sing ora bisa dideleng saka mripat telanjang. Virus uga kalebu mikroorganisme, sanajan ora asipat seluler. Elmu kang nyinaoni mikroorganisme diarani mikrobiologi lan uwong kang makarya ing bidang iki diarani mikrobiologis. Miturut klasifikasi makhluk urip, mikroorganisme ...

                                               

Siklus asem sitrat

Siklus asem sitrat - uga dikenal minangka siklus TCA utawa siklus Krébs - minangka serangkaian reaksi kimia sing digunakaké dening èorganisme aerobik kanggo ngeculaké énérgi sing disimpen liwat oksidasi asetil-CoA sing asalé saka karbohidrat, lemak, lan protein. Kajaba iku, siklus kasebut nyedhiyakaké prekursor asem amino tartamtu, uga agén rédhuksi NADH, sing digunakaké ing pirang-pirang reaksi liyane. Pentinge utamané kanggo akèh jalur biokimia sing nuduhaké yen iku salah sawijining komponèn metabolisme sing paling awal lan bisa uga wis ana sacara abiogenik. Sanajan kasebut minangka sikl ...

                                               

Surfaktan

Surfaktan minangka senyawa sing nyuda ketegangan permukaan ing antaranè rong cuwèran, ing antaranè gas lan cairan, utawa ing antaranè cuwèr lan padhat. Surfaktan bisa uga tumindak minangka deterjèn, agén pembasahan, émulsi, agén umpluk utawa dispersan. Tembung Surfactant iku gabungan saka surf ace- act ive agén t, diciptakaké udakara 1950.

Biologi
                                     

ⓘ Biologi

Biologi, basa Yunani bio + logos) punika, ngèlmunipun sadaya prakawis ingkang gesang. Ugi saged dipunwastani "ngèlmunipun kagesangan". Ing jaman rumiyin ngantos taun 1970-nan, dipun-ginakaken istilah èlmu hayat.

                                     

1. Pokok Bahasan Biologi

Umumipun pokok bahasan/subyèk Biologi dipunpérang dados 3 pérangan:

  • Zoologi/Sato kéwan/Fauna
  • Botani/Tetuwuhan/Flora
  • Manungsa

Zoologi lan Botani punika èlmu bab Flora & Fauna Obyek kajian biologi punika sajatosipun wiyar sanget lan nyakup sadaya makluk gesang. Pramila, dipuntepangi warni-warni cawang biologi ingkang migatosaken sawenèh golongan organisme, kados ta botani, zoologi, lan mikrobiologi. Werni-warni aspek kagesangan ugi dipunkaji. Titikanipun fisik dipunsinaoni wonten ing èlmu anatomi, déné fungsinipun dipunsinaoni wonten ing èlmu fisiologi; Prilaku dipunsinaoni wonten ing etologi, inggih ing mangsa sapunika punapa ing mangsa rumiyin dipunsinaoni wonten ing biologi evolusioner lan paleobiologi; Kadospundi makluk gesang kacipta dipunsinaoni wonten ing évolusi; Interaksi sesami makluk lan kaliyan alam saubengipun, dipunsinaoni wonten ing èlmu ékologi; Mekanisme pawarisan sipat ingkang migunani tumrap upaya njagi kalangsungan gesang satunggiling jinis makluk gesang dipunsinaoni ing èlmu genetika.enten kang jenengipun mirza

Wekdal punika malah sampun ngrembaka pasinaon bab aspek biologi ingkang nyinaoni kamungkinan evolusi makluk gesang ing mangsa ngajeng, ugi kamungkinan wontenipun makluk gesang ing planit-planit sanèsipun bumi, inggih punika astrobiologi. Sementawis punika, tuwuhing tèknologi saged nyinaoni tataran molekul panyusun organisme, wonten salebeting èlmu biologi molekular sarta biokimia, ingkang kathah dipundhukung déning tuwuhing teknik komputasi ing salebeting babagan bioinformatika.

Èlmu biologi mawiyar ing abad kaping 19, kanthi èlmuwan ingkang manggihi manawi organisme gadhah karakteristik pokok. Biologi sapunika dados subyèk wulangan ing sekolah lan universitas ing saindhenging donya, langkung saking jutaan makalah dipundamel saben taun ing susunan wiyar jurnal biologi lan kadhokteran.

                                     

2.1. Asal muasal biologi Aristoteles lan biologi

Èlmu biologi dipunrintis déning Aristoteles, èlmuwan kebangsaan Yunani. Ing tèrminologi Aristoteles, "filosofi alam" punika cabang filosofi ingkang nliti fénoména alam, lan njangkep babagan ingkang sapunika dipunsebat minangka fisika, biologi, lan èlmu pengetauan alam sanèsipun.

Aristoteles nglampahi panlitèn sajarah alam ing pulo Lesbos. Asil panlitènipun, kalebet Sajarah Kéwan, Generasi Kéwan, lan Pérangan Kéwan, isinipun sapérangan observasi lan interpretasi, lan ugi wonten mitos lan kaluputan. Pérangan ingkang wigati inggih punika prekawis kagesangan laut. Panjenenganipun misahaken mamalia laut saking iwak, lan mangertosi bilih hiu lan pari punika péranganing grup ingkang panjenenganipun sebat Selachē selachians.

                                     

2.2. Asal muasal biologi Pangadegan biologi modhèren

Istilah biologi ing pangertèn modhèren katingalipun dipuntepangaken kanthi kapisah déning Gottfried Reinhold Treviranus Biologie oder Philosophie der lebenden Natur, 1802 lan Jean-Baptiste Lamarck Hydrogéologie, 1802. Nanging, istilah biologi sajatosipun sampun dipun-ginakaken ing taun 1800 déning Karl Friedrich Burdach. Malah, sadèrèngipun, istilah punika ugi sampun muncul ing sirahan buku Michael Christoph Hanov jilid kaping 3 ingkang terbit taun 1766, inggih punika Philosophiae Naturalis Sive Physicae Dogmaticae: Geologia, Biologia, Phytologia Generalis et Dendrologia.

                                     

3. Cakupan Biologi

Pirsani artikel utami Pratélan Cabang-cabang Biologi

Sapunika, biologi njangkep babagan akademik ingkang wiyar sanget, gegandhèngan kaliyan babagan-babagan sains sanèsipun, lan asring ditingali minangka èlmu ingkang mandhiri. Nanging, pancabangan biologi mesthi miturut tigang dhimènsi ingkang silih tegak lurus: kaanekaragaman dhedhasar golongan organisme, organisasi kagesangan taraf kajian saking sistem kagesangan, lan interaksi gegandhèngan antarunit kagesangan sarta antawisipun unit kagesangan kaliyan lingkunganipun.

                                     

3.1. Cakupan Biologi Pambagéyan Adhedhasar Golongan Organisme

Makluk gesang utawi organisme manéka warna sanget ragamipun. Taksonomi nyinaoni pripun organisme saged dipunklompokaken dhedhasar kamèmperan lan bènten ingkang dipungadhahi. Salajengipun, kathah golongan punika dipunsinaoni sadaya gatra kagesanganipun, saéngga dipunkenal èlmu biologi tetuwuhan botani, biologi kéwan zoologi, biologi gegremet entomologi, lan salajengipun.

                                     

3.2. Cakupan Biologi Pambagéyan Adhedhasar Organisasi Kagesangan

Kagesangan dumadi ing hirarki ingkang kaorganisasi. Hirarki organisme, saking ingkang paling alit dumugi ingkang paling ageng ingkang dipunsinaoni ing biologi, inggih punika:

  • ékosistem; lan
  • individu;
  • organ;
  • populasi;
  • sistem organ;
  • sel;
  • jaringan;
  • komunitas utawi masarakat;
  • bioma.

Kajian-kajian subindividu njangkep biologi sel, anatomi lan cabang-cabangipun sitologi, histologi lan organologi, lan fisiologi. Pambagéyan langkung rinci ugi mungel dumados. Upaminipun, anatomi saged dipunkhususaken ing saben organ utawi sistem limrahipun dumadi ing èlmu kadhokteran: pulmonologi, kardiologi, neurologi, lan sapiturutipun).

Tingkat supraindividu dipunsinaoni ing ékologi, ingkang ugi gadhah pangkhususan piyambak, kados ékofisiologi utawi "fisiologi lingkungan", fenologi, sarta èlmu prilaku.



                                     

3.3. Cakupan Biologi Pambagéyan Adhedhasar Interaksi

Gegandhèngan antarunit kagesangan ugi antawisipun unit kagesangan lan lingkunganipun dumados ing sadaya tingkat organisasi.

Sasanèsipun nyinaoni kagesangan kanthi sapérangan tataran ing nginggil, biologi ugi nyinaoni prakawis-prakawis ing ngandhap kanthi cabang èlmunipun piyambak-piyambak, inggih punika:

  • biologi perkembangan developmental biology: èlmu ingkang nyinaoni tahap perkembangan makluk gesang ontogeni saking tigan ingkang dipunbuahi dados individu;
  • genetika: èlmu ingkang nyinaoni pawarisan keturunan;
  • etologi: èlmu ingkang nyinaoni prilaku makluk gesang;
  • évolusi: èlmu ingkang nyinaoni éwah-éwahan ingkang dumadi ing makluk gesang; lan
  • ékologi: èlmu ingkang nyinaoni habitat lan interaksi makluk gesang kaliyan lingkunganipun;
  • sistematika: èlmu ingkang nyinaoni kaanekaragaman organisme lan gandhènganipun kaliyan rélasi tinentu;
  • ksenobiologi: èlmu pangetauan spekulatif prakawis wontenipun makluk gesang sasanèsipun ing bumi.
Free and no ads
no need to download or install

Pino - logical board game which is based on tactics and strategy. In general this is a remix of chess, checkers and corners. The game develops imagination, concentration, teaches how to solve tasks, plan their own actions and of course to think logically. It does not matter how much pieces you have, the main thing is how they are placement!

online intellectual game →