Back

ⓘ Rembulan




Rembulan
                                     

ⓘ Rembulan

Rembulan ngrujuk ing satunggal utawi langkung satelit alami ingkang édharanipun ngiteri satunggaling planit ingkang ukuranipun langkung ageng, lan ugi ngiteri lintang. Rembulan ingkang édharanipun ngiteri Bumi namung gadhah ukuran seprapat ukuran Bumi lan ngiter saben 27.3 dinten, ing jarak rata-rata 384.400 kilomèter ing saandhaping tarikan gravitasigravitasi Bumi.

Rembulan boten ndarbéni sumber cahya. Cahya rembulan punika asalipun saking pantulan cahya Srengéngé, boten mantul saking bumi. Nanging kadhang kala cahyanipun ugi saking bumi. Dados cahya saking srengéngé langsung tumuju bulanbulan. Bulan ndarbéni diameter 3.476 kilomèter kanthi gaya gravitasi namung 0.16 = 1/6 gaya gravitasi bumi. Dipunpitados Bulan kadhapur saking obyék ingkang agengipun sami kaliyan Mars ingkang nabrak BumiBumi lajeng pecah. Inti obyék kasebat nabrak bumi, nanging lapisan njawi Bumi kaplanting lan kajebak ing orbitorbit ngililingi Bumi lajeng mbentuk Bulan.

Massa jinis Bulan 3.4 g/cm 2, langkung ènthèng tinimbang massa jinis Bumi 5.5 g/cm 2, déné Bulan namung 0.012 massa Bumi.

Rembulan ingkang katarik déning gaya gravitasi Bumi boten dhawah tumuju Bumi amargi gaya sentrifugal ingkang timbul saking orbit Bulan ngililingi bumi. Agengipun gaya sentrifugal Bulan punika sakedhik langkung ageng tinimbang gaya tarik-tarikan antawisipun gravitasi Bumi lan Bulan. Perkawis punika njalari Bulan saya ngedoh saking bumi. Kecepatan Bulan ngedohi Bumi sakiwa-tengené 3.8 cm/taun lan badhé saya rikat ing mangsa ngajeng ngantos copot saking orbit Bumi.

Rembulan namung saged kapirsani saking satunggal sisih lumah manawi dipunamati saking Bumi amargi kala rotasi bulan punika sami kaliyan kala revolusiorbit rembulan ngililingi bumi inggih punika 27.32 dinten.

Ing rembulan boten wonten udara utawi toya, namung kathah kawah ingkang wonten ing lumah bulan amargi saking tabrakan kaliyan komet. Boten wontenipun udara lan toya ing bulan njalari kikisan boten wonten lan kawah ing rembulan ingkang umuripun mayuta-yuta taun kapengker taksih wetah. Kawah paling ageng ing bulan inggih punika Clavius kanthi garis pusat 230 kilomèter lan lebetipun 3.6 kilomèter. Boten wontenipun udara ugi njalari boten wonten suwanten ingkang saged kapirengaken ing Bulan.

                                     

1. Rembulan dados penandha wekdal

Bulan purnama utawi rembulan ndadari, punika kaanan nalika rembulan katingal bunder sampurna saking Bumi. Ing wekdal punika Bumi mapan méh segaris ing antawisipun Srengéngé lan rembulan, saéngga sadaya lumah rembulan ingkang kapadhangan Srengéngé katingal cetha saking Bumi.

Kosok wangsulipun wekdal bulan mati, inggih punika nalika Bulan mapan méh segaris ing antawisipun Srengéngé lan Bumi, saéngga ingkang katingal saking Bumi punika sisih wingking rembulan ingkang peteng, alias boten katingal menapa-menapa.

Ing antawis kalih wekdal punika wonten kaanan rembulan sepalih lan bulan sabit rembulan nanggal sapisan?, inggih punika wekdal posisi rembulan tumrap Bumi mbentuk sudut tartamtu tumrap garis Bumi - Srengéngé. Ing wekdal punika namung sapérangan lumah rembulan ingkang kasunaran Srengéngé ingkang katingal saking Bumi.

                                     

2. Asal usul

Asal - usul bulan boten dipunmangertos kanthi mesthi, nanging ilmuwan manggihi bukti ageng bilih rembulan asalipun saking tubrukan bumi kaliyan planit alit ingkang namanipun theira watawis 3 milyar taun kepengker, ingkang ngasilaken lebu ingkang kathah sanget lan ngorbit ing sakelilingipun bumi. Akhiripun lebu punika ngempal dados rembulan. Ing wiwitan, letipun rembulan kaliyan Bumi sepisanan namung watawis 30.000 mil.

                                     
  • Grahana rembulan kadadéan nalika sapérangan utawa kabèh penampang rembulan katutup déning ayang - ayang bumi. Bab iki kadadéan wektu posisi bumi dumunung
  • Sawijining prastawa grahana rembulan total bakal kelakon ing 31 Januari 2018. Ing grahana rembulan kasebut uga bakal pas karo rembulan kang bakal ana ing titik
  • sing didhasaraké marang pétungan fase rembulan Saben dina sajeroning pananggalan iki nandhaaké siji lokasi rembulan sajeroning révolusi ngubengi bumi. Mayoritas
  • sajian wajib ing Festival musim gugur saben taun. Ing Indonesia, jajan rembulan biasané dikenal kanthi jeneng ing Inggris Hokkien yaiku Gwee Pia Pia utawa
  • Hijriyah gumantung ing posisi rembulan bumi lan srengéngé. Umur rembulan kang ngancik 30 dina trep karo dumadiné rembulan anyar new moon ing titik apooge
  • Rembulan iku surat angka 54 sajeroning al - Qur an. Surat iki kagolong surat makkiyah, dumadi saka 55 ayat. Dijenengaké Al - Qamar sing tegesé rembulan
  • jenengé diayahi nalika ana kadadéan grahana rembulan utawa srengéngé. Salat kang dilakoni nalika ana grahana rembulan ingaran Salat Khusuf déné nalika grahana
  • pananggalan. Pananggalan iku lumrahé adhedasar lakuning srengéngé lan rembulan Panangggalan uga bisa ngrujuk marang piranti kanggo nuduhaké sistem mau
  • midangetaken sekawan rembulan wonten ing Jupiter sepindhah. Priyayi bule punika maringi asma kaliyan sekawan candra punika lan ugi rembulan - rembulan punika dipunwastani
  • Sangskreta, Soma iku tegesé rembulan iki selaras karo jeneng kang asring dienggo ing Éropah, upamane Monday dina rembulan Raditya Anggara Buda Respati
  • alam iku satelit sing ana dhéwé utawa dudu gawéyané manungsa, umpamané rembulan kang wujud satelité bumi. Sauntara satelit gawéan yaiku satelit gawéyané
  • bisa uga diarani sasi Qomariyah, yaiku sasi kang digawé miturut obahing rembulan ngubengi bumi utawi rotasi bulan. Visibility of Muharram Crescent 1420