Back

ⓘ Profèsi




                                               

Blandhong

Blandhong iku wong kang penggawéané njupuk utawa nyolong kayu ing alas. Negor utawa nyolong kayu iki racaké diayahi kanthi golongan dumadi saka wong loro utawa wong telu. Piranti sing dipigunakaké wujud prekul. Kayu sing wis ditegor banjur diresiki saka pang-pangé, banjur disèrèt menyang kali supaya luwih gampang diangkud menyang désa. Nyèrèt kayu mau bisa uga migunakaké tenaga kéwan kaya sapi, kebo utawa gajah. Ing jaman biyèn, blandhong mung nyolong kayu sethithik amarga migunakaké cara-cara lan piranti tradhisional. Nanging ing jaman modhèren, blandhong nyolong kayu alas kanthi gedhèn-g ...

                                               

Buruh

Buruh dhasaré ya iku manungsa kang migunakaké tenaga lan kemampuané supaya olèh walesan wujud pendhapatan kanthi jasmani utawa rohani. Buruh dipérang dadi 2 klasifikasi gedhé: Buruh kasar-biyasa karan buruh kerah biru, migunakaké tenaga otot sajeroning mandang gawé. Buruh profésional-biyasa karan buruh kerah putih, migunakaké tenaga utek sajeroning mandang gawé. Buruh dhasaré mung nunjuk marang tenaga kerja ing babagan indhustri lan jasa. Ing babagan tetanèn, tenaga kerja ora lazim sinebut buruh.

                                               

Insinyur

Insinyur iku wong kang makarya ing babagan tèknik, utawa -wong kang migunakaké kawruh èlmiah kanggo ngrampungaké masalah praktis nganggo tèknologi. Ing Indonésia, biyèn istilah iki kanggo sesebutan tumrap siji sarjana ketèknikan ora mung ing babagan tèknik waé nanging uga kalebu ing babagan tetanèn lan sapanunggalané. Nanging sawisé muncul sesebutan ST Sarjana Tèknik, istilah iki dipigunakaké tumrap sarjana ketèknikan kang kagabung sajeroning PII Persatuan Insinyur Indonésia.

                                               

Mpu

Mpu utawa Empu iku jejuluk kanggo wong kang wis dhuwur ilmuné, khususé ing babagan kanuragan lan babagan keris. Saliyané iku uga ing babagan sastra. Tembung empu miturut kamus kawi Jawa susunan CF Winter lan Rangga Warsita tegesé guru utawa pandhe. Déné miturut Purwadarminta ing kamus umum basa Indonesia ditegesi tuan, utawa wong ahli gawé keris. Miturut legendha, ing tanah Jawa paling ora ana 15 empu kang kondhang.

                                               

Pandhé

Pandhé ya iku arané wong kang pakaryané gawé gegaman saka wesi lan waja, awujud piranti tetanèn kaya ta pacul, arit, bendho, bapang, pethel, péso lan sapanunggalané. Pandhéyan racaké dumunung ana ing cedhak pasar tradhisional utawa pasar kéwan, papan kumpulé para kadang tani. Kanggo manasaké wesi, racaké migunakaké areng kayu jati utawa kayu atos liyané supaya panas kang kaasilaké saka geni bisa maksimal. Kanggo landhesan nalika mbentuk wesi, digunakaké paron. Saliyané gawé gaman, pandhé uga bisa mupuk gaman lawas supaya bisa landhep manèh.

                                               

Pangon

Pangon, iku wong sing pegawéyané ngurus lan angon kéwan ingon-ingon, mligi ing peternakan. Miturut jinis kéwan sing diurus pangon bisa ingaran "pangon sapi", "pangon wedhus" lan sapanunggalané.

                                               

Profèsi

Profesi iku pagawéan kang mbutuhaké pelatihan lan kaprigelan ing siji ngèlmu tartamtu. Sawijining profèsi lumrahé ana asosiasiné, kodhe ètik, sarta prosès sertifikasi lan lisensi kang pancèn digiyaraké kanggo profèsi mau. Wong kang nduwé profèsi tartamtu diarani profèsional. Sanajan mangkono, istilah profèsional uga kanggo kegiyatan kang nampa bayaran, minangka kosok balèn tembung amatir. Tuladhané ya iku petinju profèsional nampa bayaran kanggo tandhing tinju kang dilakoni, déné ulah raga tinju padatan ora dianggep profèsi.

                                               

Pratélan artis Indonésia

                                               

Pagawéan

Pagawéan iku sajeroning makna sing jembar wujud tumindak utama kang dilakokaké manungsa. Ing makna sing luwih ciut, tumindak utama mau kanggo golèk dhuwit. Ing sajarah Jawa, pagawéan ing kalangané wong cilik kang naté katulis tuwa ya iku dhalang lan pelawak kang katulis ing prasasti kuna abad kaping papat Masèhi. Ing pacelaton padinan, pagawéan asring silih tembung karo profèsi.