Back

ⓘ Wayang



                                               

Bebali

                                               

Yudisthira

Prabu Yudisthira iku para Pandawa lan angratoni nagara Indraprastha. Sabanjure perang Bratayuda, panjenengane uga angratoni praja Astina. Bali ing: Daftar Tokoh Wayang

                                               

Kresnayana Mawi Sekar

Kresnayana Mawi Sekar yaiku serat punika ingkang dipun cariyosaken wosipun lelampahanipun Prabu Kresna nalika ambradat Dèwi Rukmini. Menggah gancaring cariyos makaten. Dewi Rukmini putranipun prabu Bismaka ing Kundina, sampun kapacangaken kaliyan sang Suntini, ratu ing nagari Cèd; naning ingkang ibu, Dèwi Pretukirti kepéngin kagungan mantu Prabu Kresna. Malah sang Rukmini ingkang dipun pilih pancèn inggih Prabu Kresna. Wasana sareng sampun mèh tempuking damel, sang Suntini kaliyan sang Jarasanda, sami wonten ing Kundhina. Prabu Kresna boten dipun ulemi, nanging dipun aturi énggal-énggal ra ...

                                               

Nasirun

Nasirun iku tokoh seiniman konténporér kang ono ing jogja. Minangka wong seni, Nasirun ajeg migunakaké unsur kabudayan jawa kawit 1983. Nasirun lair ing Cilacap 1965. Dhèwèké urip ono ing keluarga buruh tani ing panggonan pesisir. Dhèwèké giyat ing jagat seni minangka seniman kontemporer kang nuturake ajeg karyane ana dènè gugon tuhon tradhisi ora iso kelebu ing ranah seni rupa. Dhèwèké nyinau seni ing FSRD ISI, lulus 1987. Abote urip kang gawe Nasirun alih soko panggon babar menyang jogja.

                                               

Mula bukaning ruwatan lan sukerta

Miturut wong Jåwå ruwatan kuwi wis dadi tradhisi kang agung. Tegȇsé, ruwatan dadi budåyå ing kalanganing tiyang jåwå ing ngȇndi wae. Anamung, wong jåwå isih kurang anggoné mangȇrtèni pentingé ruwatan, amargå isih ånå masarakat kang pro-kontra bab ruwatan. Kanggo saperangan uwong Jåwå, ruwatan didȇlȇng ngambur-amburké dhuit, ananging ing saperanganing uwong ruwatan malah dadi hal ingkang pȇnting. Pro-kontra bab ruwatan Jåwå kuwi diolèhkȇ, kanggo aspèk budåyå tradhisi, ruwatan pancèn akèh nyuguhaké hal ingkang kontroversial. Anamung kang prȇlu digatèkaké yaiku ruwatan wis nggȇtih ing panggal ...

                                               

KRI Nanggala (402)

KRI Nanggala minangka kapal silem kapindho ing jinis kapal silem kelas Cakra. Nanggala dikendhalikaké dèning Satuan Kapal Selam Komando Armada RI Kawasan Timur sing duwé motto Endure to End. Kapal iki minangka kapal ke-2 sing duwé jeneng Nanggala ing jajaran Angkatan Laut Indonesia lan kalebu ing armada pamukul TNI AL Jeneng Nanggala asale saka jeneng gamane Prabu Baladewa ing crita pawayangan. KRI Nanggala-402 ilang kontak ing tanggal 21 April 2021 nalika latian nèmbak torpedo ing Segara Bali. Nalika kadadèyan kuwi, kapal silem nggawa 53 awak. Nanggala banjur dinyatakaké kelelep ing dina ...

Wayang
                                     

ⓘ Wayang

Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung "wewayangan", ananging mboten nganggé rerimbagan dwipurwa lan panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadhi manungsa. Wayang punika pagelaran ngagem bonéka ingkang limrahipun katingalan éndah wonten wewayanganipun saha dipunlampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged awujud 2 dhimènsi utawi wujudipun 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi limrahipun dipundamel saking kulit, ingkang asring kulit lembu utawi ménda. Déné ingkang awujud 3 dhimènsi, limrahipun dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani panganggo saking kain ingkang manéka warni adhedhasar watak wayang wau. Nanging wonten sawatara tlatah, ugi wonten ingkang dipundamel saking suket saha kerdhus. Ananging wayang jinis makaten boten radi kathah dipunpanggihi. Miturut owah gingsiripun jaman, sampun tinatah saha sinungging wayang kanthi ngginakaken média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang ingkang tinatah saha sinungging kanthi média digital dipunwastani é-wayang.

Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking épos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon cariyos-cariyos 1001 dalu saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten dipunwastani Wayang Ménak. Pagelaran punika misuwur ing tlatah Jawa.

Sajeroning pagelaran punika wayang ditancepaken wonten debog wit gedhang, wonten sisih tengen lan kiwanipun dhalang. wonten tengah, cariyosipun dipungelar. Sedinten sedalu lakon dipunwedhar.

Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kémawon, nanging ugi ing tlatah sanès ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni ing babagan cariyos dongèng kalihan warisan ingkang paring aji sanget Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity. Suwalikipun, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi preserve warisan punika.

                                     

1. Sajarah

Para ahli dèrèng wonten ingkang saged masthèkaké kapan wayang wiwit wonten ing Indonésia. Nanging yèn mirsani prasasti lan tinggalan jaman kapungkur, wayang kinten-kinten sampun wonten sadèrèngipun agama Hindhu mlebet. Rikala samanten lakon wayang dèrèng nganggé cariyos-cariyos ingkang dipunpundhut saking India. Pagelaran punika dipunanggé sarana nyembah marang roh leluhur.

Sawetara anggitan sastra jaman Mataram énggal kathah ingkang nyerat prakawis sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah boten sarujuk marang menapa ingkang dipunserat wonten mriku amargi boten cocog marang cathetan kalihan tinggalan sajarah ingkang sampun wonten.

Prasasti paling kino wonten ing abad kaping IV Masèhi. Prasasti ngandhut ukara mawayang kanggé pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdhikan. Katrangan ingkang langkung trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masèhi. Wonten ngriku dipunserat si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Tegesipun kinten-kinten: Si Galigi ndhalang kanggé Hyang kanthi lakon Bima Sang Kumara."

Agama Hindhu ingkang mlebet ing Nusantara damel cariyos wayang bènten kaliyan aslinipun. Cariyos Ramayana lan Mahabarata wiwit dipunanggé kanggé dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh 991-1016, kathah cariyos saking India ingkang mlebet kalihan dipundamel gagrag jawanipun. Wayang wiwit nyebar ing pundi-pundi rikala Majapahit nguwaosi Nuswantara.

Cariyos-cariyos ingkang aslinipun saking India punika pungkasanipun sampun gèsèh kaliyan sadèrèngipun. Para pujangga Jawa damel cariyos piyambak kanggé mepaki menapa ingkang sampun wonten. Ing padhalangan, cariyos-cariyos punika dipunsebat lakon Carangan.

Rikala jaman Agama Islam mlebet, Walisanga ugi nganggé wayang ing panyebaranipun. Ing jaman punika Wayang kang Sumberé saka Mahabarata lan Ramayana disampurnaaké kanthi nggathukaké karo Aji-Aji Islam déning Para Walisanga salah sijiné ya iku Sunan Kalijaga. Ing jaman iku uga wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram Anyar. Walandi ingkang digdaya damel Karaton Surakarta lan Karaton Ngayogyakarta ngracik kathah cariyos wayang kanggé nglelipur manah.

Indonésia mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang manéka warni. Manéka warni wayang wau wonten ingkang tetep dipungelar ugi wonten ingkang namung gesang ing jamanipun piyambak. Wayang ingkang kathah piyambak dipunanggé inggih punika Wayang Kulit Purwa.

                                     

2. Sebutanipun Wayang

Manawi dipunpundhut saking ukaranipun, wayang punika saking wewayangan, amargi pagelaranipun wonten ing wekdal wengi lan nganggé lampu. Nanging katrangan punika sampun boten saged dipunugemi malih. Wayang dados boten mligi bonéka ingkang wonten wewayangané. Wayang golèk ingkang dipundamel saking kayu boten ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran bonéka ingkang dipungelar déning dhalang.

Umumipun, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang punika dipundamel saking tatahan kulit kéwan kanthi lakon saking Mahabharata lan Ramayana.

                                     

3.1. Manéka Warni Wayang Werna wernining wayang ing tanah Jawa

  • Wayang klithik sinebut uga Wayang Krucil ya iku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Wayang iki duwé ciri khas ya iku yèn ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepatè nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Carita kang kerep ditanggapkè ya iku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait.
  • Wayang Kulit Wayang mau didamel saking cucal/kulit kebo utawi wedhus kang ditatah kanthi permati, ugi disungging/dicèt, lan digapit. Manéka jinis wayang kulit dipérang dados 2. Miturut géografis/asal daérahipun lan miturut ceritanipun, Miturut géografis/asal daerahipun contonipun Wayang Gagrag Yogyakarta/Mataraman, Wayang Gagrag Cirebon, lan Wayang Gagrag Surakarta. Manawi Miturut ceritanipun, contonipun Wayang Kulit Purwa, Wayang Kulit Madya, Wayang Kulit Gedhog, Wayang Kulit Dupara, Wayang Kulit Suluh, lsp.
  • Wayang Bèbèr inggih punika wayang ingkang dipundamel saking kain utawi kulit lembu ingkang awujud bèbèran lembaran. Saben bèbèran punika nggambaraken satunggal adégan cariyos. Manawi sampun rampung dipunlakonaken, bèbèrane dipungulung malih. Wayang punika dipundamel jaman krajan Majapait. Wayang punika pinangka saking Pacitan lan Gunungkidul. Wayang punika dipundamel kanthi kuwat ing bab rong dimènsinipun kanthi kagunan lukis ing kanvas. Tiyang-tiyang ingkang nglestantunaken wayang punika inggih punika: Musyafiq kanthi damel wayang bèbèr ingkang narasinipun paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi langkung nyiptakaken figur wayang ingkang corakipun dhékoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto damel wayang bèbèr kanthi saking awujud wayang purwa lajeng dipunabstraksi saking rèalitas gesangipun manungsa ing saben dintenipun.

Wayang iki campurane wayang golèk lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawé saka kayu. Amarga saka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.

  • Wayang Topèng
  • Wayang Ukur
  • Wayang Menak inggih punika wayang saking kayu ingkang dipundamel persis kawangun tiyang. Cariyosipun inggih punika babagan dakwah Islam kados ta: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.
  • Wayang Sandosa
  • Wayang Potèhi: Wayang ingkang awujud bonéka alit-alit. Cariyosipun mangsa jaman Kraton Tar-tar utawi Babad Cina. Thio Tiong Giè inggih punika salah satunggaling dhalang wayang potèhi ing Semarang Tengah ingkang manggèn ing Désa Pesantrèn, Kalurahan Purwodinatan. Panjenenganipun gadhah prinsip paribasan Cina Tiongkok ingkang dados semangatipun kanggé nglestarèaken Wayang potèhi punika: ”Tak ada jaran, sapi pun bisa ditunggangi.” Manawi wayangan panjenenganipun ngginakaken Basa Indonésia kanggé basa pengantar, bènten kaliyan para sesepuhipun ingkang rumiyin ngginakaken basa Cina. Ciri khasipun panjenenganipun ugi asring ngginakaken tembang campursari. Thio Tiong Gie sapunika sampun yuswa 76 taun, kathah prihatinipun mikiraken kabudayanipun ingkang namung dipunpirsani déning saglintir tiyang ingkang kalah tebih manawi dipunbandingaken kaliyan jaman rikala samanten. Langka sanget ingkang kepéngin nyinaoni wayang punika, ingkang dados generasinipun namung satunggal kémawon tiyangipun inggih punika Oei Tjiang Hwat ingkang asring ngancani manawi wayangan. Para niyaganipun sami tebih sanget inggih punika saking Surabaya
  • Wayang Golèk ugi kathah tiyang ingkang mastani wayang Tengul. Wayang punika dipundamel saking kayu lan dipunrasuki kados manungsa. Sumbering cariyos dipunpundhut saking sajarah kados ta cariyos Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp. Cariyos wayang punika ugi saged dipunpundhut saking dongèng nagari Arab. Manawi péntas ingkang dados ciri khasipun wayang golék inggih punika boten nganggé kelir utawi layar kados ta wayang kulit.
  • Wayang Jemblung: Wayang saking kayu ingkang dipundamel persis kawangun tiyang. Wayang punika sumebar wonten ing laladan pasisir lor, Blora, lan Cepu. Cariyosipun babagan Cacad kados kethoprak.
  • Wayang Gedhog: Wayang punika wujudipun mèh sami wayang kulit. Ingkang dipundamel kirang langkung warsa 1400-an. Sumbèripun cariyos saking cariyos ratu ing Jawa, ing antaranipun Banten, Singasari, Mataram, Kadhiri, lsp. Wayang punika namung saged pinanggih wonten musiyum.
  • Wayang Wong: Wayang ingkang dipunparagaaken déning tiyang ingkang wonten tarinipun. Sumbering cariyos saking Ramayana lan Mahabarata. Paguyuban ingkang misuwur kanthi pagelaran wayang wong inggih punika Ngèsthi Pandawa Semarang, Sriwedari Surakarta, Barata Jakarta.
  • Wayang Wahyu: Wayang punika dipunciptakaken déning Bruder L. Timotius Wignyosubroto, FIC. tanggal 2 Fèbruari 1960, sumber carita wayang saking Alkitab utawi Injil. Wayang punika kanggé nyiaraken agama Katulik dhumateng sadengah umat ing Tanah Jawa.
  • Wayang Dipanegaran
  • Wayang Kancil: Wayang punika ugi dipunwastani wayang Dupara. Wayang ingkang dipundamel saking lulang. Cariyosipun sèrinipun Kancil.

Panjenenganipun maringi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umuré nganti 100 taun, dhèwèké bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling-pepéling kang migunani tumrap uripé manungsa."

  • é-wayang
  • Wayang Révolusi


                                     

3.2. Manéka Warni Wayang Wayang ing miturut asal daerahipun

  • Wayang Gaya KlatenanJateng,
  • Wayang PlanetTegal,
  • Wayang KancilYogya-Sala,
  • Wayang Serambi MekahAcèh,
  • Wayang JazzJakarta,
  • Wayang Golèk RampakBandung,
  • Wayang RiwutKalteng,
  • Wayang PerjuanganYogya,
  • Wayang SangiranMaluku,
  • Wayang Gaya TegalanJateng,
  • Wayang KedhuJateng,
  • Wayang EhengKaltim,
  • Wayang Bèbèr Danaraja,
  • Wayang UrbanJakarta,
  • Wayang Orang BaliBali,
  • Wayang LiwaLampung,
  • Wayang LimangKalbar,
  • Wayang Gaya PesisiranJateng,
  • Wayang SasakNTB,
  • Wayang Kulit CirebonIndramayu,
  • Wayang BudaSala,
  • Wayang SajarahJakarta,
  • Wayang ParwaBali,
  • Wayang Kampung SebelahSala,
  • Wayang RaiwongTegal,
  • Wayang Ceng BlongBali,
  • Wayang Gaya Mataraman/NgayogyakartaYogya-Wates-Bantul-Sléman-Magelang-Purworejo-Wonosari-Kutoarjo-Wonosobo-Temanggung dll.,
  • Wayang UkurYogya,
  • Wayang Kelantan MelayuRiau,
  • Wayang RévolusiJakarta-Yogya,
  • Wayang Golèk SundaJabar-Banten,
  • Wayang DiponegoroYogya,
  • Wayang Golèk CepakCirebon-Tegal,
  • Wayang JekdhongJatim,
  • Wayang Kulit MenakSurakarta,
  • Wayang Gaya BanyumasJateng,
  • Wayang TenggarongKaltim,
  • Wayang MaduraPamekasan,
  • Wayang WongSala-Yogya-Semarang-Surabaya-Jakarta Dll.,
  • Wayang Gaya SragenanJateng,
  • Wayang Bèbèr MétropolitanJakarta,
  • Wayang GedhogJatim,
  • Wayang Golek MenakJateng-Yogya,
  • Wayang KlithikJateng,
  • Wayang KrucilJatim,
  • Drama Wayang SwargalokaJakarta,
  • Wayang Gaya SurakartaJateng,
  • Wayang KontemporerJakarta,
  • Wayang SuketYogya-Tegal,
  • Wayang PotèhiJakarta-Semarang-Surabaya,
  • Wayang ThithiJateng-Jatim,
  • Wayang Paper MoonSala,
  • Wayang MadyaJateng-Yogya-Jatim-Cirebon,
  • Wayang Sigale-galeSumut,
  • Wayang SadatJateng,
  • Wayang ErlanggaJakarta,
  • Wayang BanjarKalsel,
  • Wayang SuluhYogya-Sala-Jakarta,
  • Wayang Golèk BetawiAncol,
  • Wayang Kidang KencanaYogya-Sala,
  • Wayang JemblungBanyumas,
  • Wayang Wahyu lan Wayang PamartaYogya-Sala,
  • Wayang Gaya BagelenanJateng,
  • Wayang AnimasiMuseum Jakarta,
  • Wayang PasirJakarta,
  • Wayang Lukis Fatur GamblangJakarta, *Wayang BhinekaJakarta,
  • Wayang HikmahJateng.
  • Wayang RandaiSumbar,
  • Wayang Topeng JatiduwurJombang,
  • Wayang SandosaSala-Jakarta,
  • Wayang Kulit BetawiJabodetabek,
  • Wayang Sri PalémbangSumsel,
                                     

4. Lakon Wayang

Miturut Kitab/Sumber ingkang digawé carita ing Pagelaran Wayang diperangake dadi:

  • Carita Menak
  • Babad Tanah Jawa
  • Carita Panji
  • Wayang Purwa Mahabarata;Ramayana
  • Carita Sajarah Indonesia saka Jaman Penjajahan nganti Saiki
                                     

5. Gagrag Wayang ing Tanah Jawa

Pagelaran Wayang Kulit Utamane Wayang Purwa ingkang sumrambah ing tanah Jawa utawa asring digemari masarakat ing Tanah Jawa didamel variasi ingkang manéka warni. Variasi utawi jinis punika ingkang asring dipunsebat Gagrag. Gagrag Wayang Kulit ing tanah Jawa antarané:

  • Wayang Kulit Gagrag Banyumasan
  • Wayang Kulit Gagrag Ngayogjakarta
  • Wayang Kulit Gagrag Cirebon
  • Wayang Kulit Gagrag Pesisir
  • Wayang Kulit Gagrag Surakarta
  • Wayang Kulit Gagrag Jawa Wetan
  • Wayang Kulit Gagrag Madura
                                     

6. Rujukan

  • Kalangwan, P.J. Zoetmulder, 1983
  • Wayang, asal-usul filsafat dan ing tembénya, Ir Sri Mulyono, 1975
  • èka.com/index.php/read/cetak/2011/01/06/134116 (kaundhuh tanggal: 10 April 2011
  • Pratiwimba Adhiluhung, S Haryanto, 1988
  • Postingan Facebook Ki Asman Budi Prayitno, 17 Januari 2017
  • (kaunduh tanggal: 7 Agustus 2017
                                     

7. Wacan

  • Keeler, Ward 1992 Javanese Shadow Puppets. OUP
  • Keeler, Ward 1987 Javanese Shadow Plays, Javanese Selves. Princeton University Press
  • Clara van Groenendael, Victoria 1985 The Dalang Behind the Wayang. Dordrecht, Foris
  • Mudjanattistomo 1976 Pedhalangan Ngayogyakarta. Yogyakarta
  • Mellema, R.L. 1988 Wayang Puppets: Carving, Colouring, Symbolism. Amsterdam, Royal Tropical Institute, Bulletin 315.
  • Brandon, James 1970 On Thrones of Gold-Three Javanese Shadow Plays. Harvard University Press
  • Soedarsono 1984 Wayang Wong. Yogyakarta, Gadjah Mada University Press
  • Long, Roger 1982 Javanese shadow theatre: Movement and characterization in Ngayogyakarta wayang kulit. Umi Research Press
Free and no ads
no need to download or install

Pino - logical board game which is based on tactics and strategy. In general this is a remix of chess, checkers and corners. The game develops imagination, concentration, teaches how to solve tasks, plan their own actions and of course to think logically. It does not matter how much pieces you have, the main thing is how they are placement!

online intellectual game →