Back

ⓘ Linguistik




                                               

Alfabèt

Alfabèt iku tembung asal saka basa Yunani, saka rong aksara wiwitan sajeroning tulisan mau, ya iku aksara alfa lan beta. Makna tembung iki yaiuku sawijining sistem panulisan kang mawa dhasar fonem vokal lan konsonan. Alfabet béda karo abjad, kang racaké ora duwé lambang vokal, lan béda karo abugida lan aksara silabis, kang saben aksara é nglambangaké fonèm nanging sajeroning wangun suku tembung. Sawjining fonèm kang ora dikandhut sajeroning sawiji alfabet bisa ditulis nganggo dwihuruf utawa tandha diakritik, kang biyasa ana ing alfabèt Latin. Contoné dwihuruf /ng/ tumrap fonèm konsonan sen ...

                                               

Alih aksara

Alih aksara, utawa kadhangkala karan transliterasi iku pengalihan jinis aksara menyang jinis aksara liyané. Upamané alih aksara saka aksara Jawa menyang aksara Latin, saka aksara Jawi menyang aksara Latin saka aksara Arab menyang aksara Latin utawa saka aksara Sirilik menyang aksara Latin. Ana rong jinis wangun alih aksara, ya iku alih aksara diplomatik lan alih aksara standar. Sajeroning wangun alih aksara sing pisanan iki ana rélasi 1:1 saka aksara asal menyang aksara tujuan, déné sing sijiné ora.

                                               

Ater-ater

Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing paclathon. Yèn ing basa Indonésia diarani awalan, yèn ing basa Inggris diarani prefix. Tembung prefix kadadéan saka tembung lingga fix kang duwé teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" duwé teges "sadurungé". Ing basa Jawa, ater-ater iki kapérang dadi telu, yaiku hanuswara, tripurusa, lan ater-ater liya.

                                               

Frasa

Frasa punika ékan gramatika ingkang gadhah sipat nonpredikatif, utawi gabungan tembung ingkang gadhah fungsi sintaksis ing ukara. Frasa gadhah sipat, inggih punika: Kasusun saking kalih ukara utawi luwih Frasa gadhah fungsi ing tembung

                                               

Basa damelan

Basa artifisial utawi basa damelan utawi basa kakonstruksi déning para sutrisnanipun inggih punika satunggaling basa ingkang tetembungan kaliyan tata basanipun dipundamel déning satunggal utawi sakempalan alit tiyang. Basa punika kosok wangsul saking basa alami ingkang angévolusi kanthi alamiah saking satunggaling budaya. Sapérangan conlang dipundamel kanggé komunikasi manungsa, sapérangan sanèsipun dipundamel kanggé karya fiksi utawi èksperimen, komunikasi winadi, utawi namung iseng kémawon. "Basa kajangka" ingkang sami tegesipun kaliyan conlang punika kadhangkawis dipun-ginakaken kanggé ...

                                               

Basa Inggris Kuna

Basa Inggris Kuna punika wangun sajarah wiwitan saka basa Inggris, kang digunakaké ing Britania Raya, mligi Inggris lan kidul lan wétan Sekotlan ing wiwitan jaman abad tengahan. Iku iki digawa kanggo Britania Raya déning pemukim Anglo-Saxon bokmanawa ing agêng abad 5, lan sastra tanggal dianggo saka abad 7 agêng. Sawisé Norman Soaka Snaeh saka 1066, Inggris iki diganti kanggo wektu minangka basa kelas dhuwur déning Anglo-Norman, kang relatif saka Prancis, lan Inggris kuna dikembangaké dadi wangun sajarah sabanjuré Inggris, dikenal minangka basa Inggris tengahan.

                                     

ⓘ Linguistik

  • Basawidya iku kawruh sing nyinaoni basa. Dadi basawidya uga bisa diarani kawruh basa Sanadyan basawidya iku kawruh basa, nanging kawruh iki séjé karo
  • Ing ngisor iki wujud dhaptar istilah - istilah linguistik utawa basa: ablativus ablaut absolutivus adjektivus adverbium agens afiks afrikat
  • utawa widyatembung punika salah satunggaling cabang linguistik Morfologi ateges cabang linguistik ingkang ngèdintifikasi ékan - ékan dhasar basa dadi ékan
  • Umlaut iku fénoména sajeroning kawruh basa utawa linguistik Fénoména iki sajatiné sawijining owah - owahan uni lan kadadéan manawa sawijining swara uniné
  • paramasastra kang ngrembag babagan tembung. Ing linguistik umum nyebutaké morfologi minangka kajian linguistik micro kang nyinaoni babagan struktur tembung
  • lan Namibia. Basa Jerman isih cedhak karo basa Walanda lan uga basa Inggris. Umlaut linguistik Umlaut ing basa Jermanik Cithakan: Basa resmi Uni Éropa
  • cabang ngèlmu Linguistik ingkang mliginipun nyinaoni babagan makna basa. Semantik adatipun dipungayutaken kaliyan kalih ngèlmu linguistik sanès: sintaksis
  • dipun - ginakaken ing salebeting karya sastra ngèlmu interdisipliner antawis linguistik lan kasusastraan. Ruang lingkup stilistika kapérang dados kalih, inggih
  • λόγος, lógos, tembung, wicara, bahan diskusi punika salah siji babagan linguistik ingkang nyinaoni sistèm fonèm - fonèm ing sajeroning siji basa minangka
  • Fonétik inggih menika cabang ngelmu kajian linguistik ingkang nyinaoni swanten - swanten basa tanpa ningali menapa swanten - swanten menika saged mbentenaken
  • basa liyané. Tuladha: kedhondhong dadi gedhondhong kreteg dadi kretek kliliben dadi klilipen Owah gingsiring basa Dhaptar istilah linguistik
                                               

Alpha privans

Alpha privans iku aksara a ing wiwitané tembung-tembung saka basa Yunani sing mènèhi arti négatif ing siji tembung. Ukara ini dijupuk saka tembung Latin alpha lan privare.

                                               

Antonim

Antonim inggih punika tembung ingkang gadhah teges walikan kaliyan tembung sanèsipun. Tuladha: tuwa X enom gampang X angél mati X urip pinter X bodho adhem X panas gedhé X cilik

Fonologi
                                               

Fonologi

Fonologi punika salah siji babagan linguistik ingkang nyinaoni sistèm fonèm-fonèm ing sajeroning siji basa minangka pérangan kang mbedakake makna. Fonologi punika sinebat ugi widyaswara.

Homograf
                                               

Homograf

Homograf ya iku tembung kang padhaejaané déning tembung liyané, minangka bedha ana ing lafal pangucapan lan makna kandhutan. Sajeroningbasa Indonésia, tuldha homograf ya iku "teras" kang ngandut makna inti kayu utawa pérangan omah lan "apel", kang duwé arti woh

Kasus ablatif
                                               

Kasus ablatif

Ing ngèlmu linguistik, kasus ablatif iku kanggo nandhani papan asal, akibat, "ninggal saka" utawa barang sing dibandhingaké. Lumrahé kasus iki bisa dipertal mawa tembung "saka".

                                               

Kasus datif

Ing ngèlmu linguistik, kasus datif iku nandhani obyèk awujud tembung lingga sing diwèhaké. Contoné ing ukara "Budi mènèhi Ida buku". Ida ing ukara iki ya iku obyèk datif.

Kasus génitif
                                               

Kasus génitif

Ing ngèlmu linguistik, kasus génitif racaké dienggo nandhani milik utawa darbé. Nanging terkadhang kasus iki uga dienggo nandhani tembung "kanggo" utawa "marang". Ing Basa Sangskreta kerep uga kanggo kasus absolut: sanadyan.

                                               

Kasus instrumèntalis

Ing ngèlmu linguistik, kasus instrumèntalis iku kasus kanggo nandhani piranti utawa piranti ing arti amba. Lumrahé ngenani sebab, amarga, wong sing nglakoni, barang sing dienggo, utawa uga "bebarengan". Kasus iki kerep bisa dipertal mawa tembung "déning" utawa "karo".

                                               

Kasus lokatif

Ing ngèlmu linguistik, kasus lokatif iku kanggo nandhani "papan", "panggonan" utawa "wektu". Lumrahé iki bisa dipertal mawa tembung "ing", "ngenani" utawa "nalika".

                                               

Kasus vokatif

Ing ngèlmu linguistik, kasus vokatif iku kasus ngenani wong utawa barang kang disapa utawa diceluk. Contoné ing ukara Aku ora ngerti, Budi, Budi iku ungkapan vokatif. Kamangka ing ukara Aku ora ngerti Budi, Budi iku objèk ora langsung ukara iki. Kasus vokatif mligi tinemu ing basa-basa Indo-Éropah kang klasik kaya ta Basa Latin, Yunani lan Sangskreta.