Back

ⓘ Manungsa




                                               

Pembakaran spontan awak manungsa

Pembakaran spontan awak manungsa minangka kedadeyan kobong spontan awak manungsa sing diasilake saka energi ing njero manungsa. Ing kasus iki, manungsa sing ngalami SHC bisa nyebabake akibat fatal lan mbebayani nyawane manungsa. Ing sawetara kasus, misteri SHC kedadeyan cepet banget, nganti pirang-pirang kedadean ora ana saksi sing nyekseni proses SHC iki. Ing telung abad kepungkur, ana sekitar 200 kasus SHC. Nanging, ing pirang-pirang kasus, penyelidikan sing cukup ora ditemokake lan biasane adhedhasar crita manuk lan pernyataan lisan Nanging, kabèh kasus sing kedadeyan duwe kesamaan Tang ...

                                               

Ngèlmu kadhokteran

Ngèlmu kadhokteran iku ngèlmu kang manyinaoni tatacarané lan fungsi awak manungsa lan mligi kepriyé mbenakaké fungsi-fungsi iku yèn ana masalah. Ngèlmu iki ngusahakaké ndeleng awak manungsa kaya déné mesin mawi ngèlmu fisika lan genetika.

                                               

Kompas

Kompas iku piranti navigasi kanggo nemtokaké arah, wujud siji panah penunjuk magnetis sing bébas nyelarasaké marang médhan magnit bumi kanthi akurat. Kompas mènèhi rujukan arah tinamtu, saéngga mbantu sajeroning babagan navigasi. Arah mata angin sing dituduhaké yaiku arah lor, kidul, wétan, lan kulon. Yèn dipigunakaké bebarengan karo jam lan sèkstan, kompas bakal luwih akurat sajeroning nuduhaké arah. Piranti iki mbantu perkembangan dedagangan maritim kanthi agawé lelungan adoh dadi luwih aman lan èfisièn dibandhingaké karo nalika manungsa isih nganggo pituduh lintang kanggo meruhi arah. I ...

                                               

Trontong

Trontong ya iku kang duwèni teges kalèng. Kalèng digawé saka wesi kang biyasa digunakaké manungsa kanggo wadhah panganan tuladhané susu, roti, lan sak padhané. Panganan kang ana ing kalèng lumrahé diwènèhi bahan pangawèt supaya panganan kang ana ing kalèng bisa tahan suwé punjul 2 taun.

                                               

Tresna

Tresna utawa Asih iku rasa sih kang kuwat lan daya tarik sengsem pribadi. Ing babagan filosofi, katresnan iku minangka ciri becik kang nurunaké kebecikan, rasa welas asih, lan katresnan. Panemu liyané, tresna iku tingkah kang dilakoni manungsa tumrap objèk liyané, wujud pangorbanan diri, émpati, kesengsem, mbiyantu, nuruti omongan, manut, ndhèrèk, dan gelem nglakoni apa kang dikarepaké objèk mau.

Manungsa
                                     

ⓘ Manungsa

Manungsa utawa wong bisa dimangertèni kanthi warna-warna, yaiku miturut biologis, rohani, lan istilah kabudayan. Miturut biologis, manungsa ingaran Homo sapiens, sawijining jinis primata saka golongan mamalia kang duwé utek lan kalantipan.

Ing babagan kajiwan, manungsa dijelentrèhaké nganggo konsèp jiwa kang duwé manéka warna, sajeroning agama, dimangertèni ing gayutané karo kakuwatan katuhanan utawa makluk urip; sajeroning mitos, manungsa uga kerep dibandhingaké antara ras siji lan liyané. Sajeroning èlmu antropologi kabudayan, manungsa dijelasaké dhedhasar basané, organisasi manungsa sajeroning masarakat majemuk sarta tuwuhing teknologi, lan mligi dhedhasar kamampuan yasa golongan lan lembaga kanggo panyengkuyung siji lan liyané sarta awèh lan nampa pitulung.

Panggolongan manungsa kang paling utama yaiku dhedhasar jinis kelamin. Lumrahe, jinis kelamin anak kang lagi lair iku lanang utawa wadon. Wong enom lanang dikenal minangka putra lan sawisé ngancik diwasa dadi priya. Bocah enom wadon diarani putri lan sawisé ngancik diwasa banjur diarani wanita.

Panggolongan liyané yaiku dhedhasar umur, wiwit saka janin, bayi, balita, bocah, nom-noman, akil balik, nom-noman/i, diwasa, lan wong tuwa.

Saliyané iku isih akèh panggolongan-panggolongan liyané, dhedhasar ciri-ciri fisik, afiliasi sosio-pulitik-agama, gayutan kekerabatan lan sapanunggalané.

Tokoh iku istilah kanggo wong kang misuwur.

                                     

1. Raga/Fisik

Wujud fisik manungsa béda-béda miturut faktor keturunan, lingkungan, budaya uga gizi panganan. Ukuran racaké rata-rata yaiku antara: dhuwur 160 cm nganti 180 cm, bobot 45 kg nganti 80 kilogram. Kelir kulit uga béda-béda miturut iklim habitate. Lumrahé variasi kelir antara ireng nganti putih rada abang. Fisik manungsa ketata saking rangka balung, daging nganti kulit ing pérangan jaba.