Back

ⓘ Serat Suluk




                                     

ⓘ Serat Suluk

Serat Suluk iku salah siji karya sastra kang isiné ngenani piwulang-piwulang lair batin, kaya ta iman maring Gusti. Iman maring Gusti iku modhal utama sawijining manungsa kanggo rasa tentrem ing ati. Bab iki isih trep karo urip ing jaman saiki.

Suluk salaka iku susastra jawa kang ngamot wulangan babagan kasampurnan batin pinuju pancampuran dhiri karo kuwasané Gusti Kang Maha Agung ing donya.

Ing antarané susastra kang liyané, Suluk kalebu kawruh babagan manunggaling kawula Gusti. Mula sastra suluk bisa uga diarani kawruh manunggal, ngamot prakara agama lan falsafah, ngomongaké ajarané Gusti, hakékat manungsa, gegayutan manungsa karo Gusti, tuntunan urip miturut agama lan pamimpin agama, urip ing donya lan sawisé mati, babagan asal lan tujuwan urip manungsa lan sapanunggalané.

Padha karo kandhungan isiné, mula susastra suluk duwèni warna-warna jeneng, antarané:

  • Kawruh sajati, susastra suluk mulangaké babagan dalan sajatining urip, ya iku kaya-kaya manunggal marang Gusti Kang Maha Kuwasa, sasaran urip iku nyawiji, gegayutan langsung karo Gusti.
  • Kawruh laku, sastra suluk ngamot babagan laku lakuné batin nganti kasampurnan urip, ya iku manunggal karo Gusti Kang Maha Agung. Lakuné batin pinuju tataran manunggal kudu disartani karo warna-warna laku kang bisa nyokong, tuladhané ngosongaké dhiri, samadi, nyapi, sarta ngedohaké dhiri saka kanikmatan lan raméné donya.
  • Kawruh kasampurnan, susastra suluk minangka wulangan babagan salaka dalan pinuju kasempurnan urip, ya iku tataran paling dhuwur lakuné urip manungsa balik ing asalé.
  • Sastra wulang, ing njero susastra suluk ngamot wulangan babagan urip batiné manungsa saka wiwitan nganti pungkasan.
  • Susastra suluk ngomongaké gegayutané manungsa marang Gusti lan kepriyé balik manèh marang Gusti. Mula iku, ing ngrembakané susastra suluk bisa diarani tasawuf utawa mistik.
  • Kawruh sangkan paraning dumadi, susastra suluk ngamot pangertèn babagan asal lan ancasé urip manungsa kang asalé saka Gusti lan kepriyé nyawiji manèh karo Gusti, mula susastra suluk diarani Kawruh sangkan paraning dumadi.

Susastra suluk ing lumrahé awujud geguritan tembang macapat. Saliyané iku, uga wujud tembang, uga ana susastra suluk kang ditulis nganggo wujud gancar. Suluk kang awujud gancar sok diarani wirid. Panyebaran suluk gancar nganggo lésan diwacakaké diarani wiridan.

Wiwitané susastra suluk ngrembaka ing praja pasisir lor Tanah Jawa, mligi ing pasisir Demak, Cirebon, lan terus mlebu ing kalangan pesantren. Langsung ngrembaka susastra Jawa ing pasisir lor Jawa lan susastra suluk pesantrèn kang ngrembaka ing kalangan pesantrèn. Susastra suluk dikira-kira ngrembaka kawit antarané abad kaping 15 barengan karo ngrembakané agama Islam ing Jawa. Sajeroning susastra suluk bisa dirasakké anané prabawa saka kejawen Jawa, Hindhu lan Islam. Prakara iku wes mesthi banget, ngèmuti yèn wong Jawa kawit kae wes duwé tatanan panembah maring Pangarsa alam donya. Tekané Buda Hindhu ing Jawa langsung gawa prabawa anyar maring wong Jawa, mligi ngenani Ésané Gusti lan taqwané maring Gusti Kang Maha Agung. Panetrepan telung unsur mau ing susastra nglairké susastra suluk kang duwé rasa Kajawèn-Hindhu-Islam.

Mula bukane ana susastra suluk ya iku:

  • Anane usaha kepriyé manungsa bisa tekan kasampurnan urip manunggal karo Gusti Kang Maha Kuwasa Donya.
  • Tuwuhé warna-warna cara laku, salaka kanggo tekan kasampurnan batin lan manunggal karo Gusti, antarané nganggo suluk.
  • Anane pikiran yèn manungsa bakal ngrasa lengkap uripé, ngrasa urip sampurna, nanging yèn gegayutan langsung marang Panguwasa Paling Dhuwur lan bisa manunggal karo Gusti Kang Maha Agung. Kasampurnan urip pungkasané dadi tujuan kang hakiki ing uripé manungsa.
  • Adhedhasar marang kapercayan yèn urip iku ana kuwasa kang paling dhuwur kang nyiptakaké lan nguwasani alam donya, uga manungsa lan kabèh uripé.

Pokok-pokok susastra suluk ngamot piwulangan ngenani bab manunggaling kawula Gusti kang kudu dilakoni léwat papat tataran lakuné urip, ya iku:

1. Sarengat, tataran paling ngisor ing uripé manungsa supaya nglakoni kabèh prentah Gusti lan ngedohaké dhiri saka sakabèhé larangan Gusti.

2. Tarekat, tataran kaping pindho, ing tataran iki:

  • Manungsa luwih ngundhakaké taqwa mring Gusti Kang Maha Agung.
  • Manungsa ngresepi kabèh piwulangané Gusti.
  • Manungsa luwih ngakèhi tumindak becik lan
  • Manungsa ningkatké tobat sarta njaluk ngapura saka kabèh dosa lan kalepatanné.
  • Manungsa luwih ngundhakaké upaya ngiket dhiri, ngiket hawa nepsu, ngurangi kasenengan donya lan sapanunggalané.

3. Hakékat, tataran kaping telu ing urip pinuju ing urip sampurna. ing tataran iki manungsa:

  • Manungsa wés bisa kenal Gusti léwat Kawruh kasampurnaan
  • Manungsa wés bisa kenal awakké dhéwé, sarta
  • Manungsa wés bisa ngresepi yèn urip ora bisa ucul saka rasa susah lan seneng, sugah lan kéré.

4. Makrifat, tataran paling dhuwur ing uripé manungsa pinuju manunggal. Ing tataran iki:

  • Ing aturan manunggaling kawula Gusti, bisa dijlèntrèhaké yèn wujud manungsa wés ora ana, kang ana iku Pangèran.
  • Manungsa wés bisa nyatukaké dhiri karo Gusti nyawiji pangeran, ing tataran iki wés tekan ing tingkat manunggaling kawula Gusti.