Back

ⓘ Tradhisi sing diciptakaké




Tradhisi sing diciptakaké
                                     

ⓘ Tradhisi sing diciptakaké

Tradhisi sing diciptakaké iku sawijining konsèp sing diwedhar ing sawijining buku sing terbit ing taun 1983 lan ditulis déning E. J. Hobsbawm lan T. O. Ranger, The Invention of Tradition Ing introduksi buku iki, para panulis ngandharaké manawa akèh barang sing diarani tradhisi iku sajatiné asalé mutakir lan malahan kerep diciptakaké utawa dirékayasa. Para panulis iki mbédakaké antara nyiptakaké tradhisi saka miwiti tradhisi. Ing kasus pungkasan iki ora ana sing ngeklaim manawa tradhisi sing diwiwiti iku wis lawas. Fénoména kaya mengkéné iki utama cetha ing perkembangan modhèren bangsa lan nasionalisme.

Salah sawijiné dampak saka konsèp iki ya iku manawa prabédan antara "tradhisi" lan "modèrnitas" kerepé uga bahan rékayasa. Konsèp iki "rélévan banget tumrap ing inovasi historis sing bisa diarani mutakir, bangsa lan fénoména kagandhèngé kaya ta: nasionalisme, nagara-bangsa, simbul-simbul nasional, sajarah lan liya-liyané." Hobsbawm lan Ranger uga mènèhi komentar ing "paradoks sing anèh nanging bisa dingertèni: bangsa-bangsa modhèren lan kabèh tètèk bengèké lumrahé ngeklaim manawa kabèh iki asalé ora saka jaman mutakir, nanging saka jaman baheula lan muncul kanthi alami, ora diyasa. Dadi komunitas-komunitas manungsa sing alami lan ora mbutuhaké définisi liya saliyané rasa percaya-diri." Dampak liyané iku manawa konsèp kaaslian utawa "otèntisitas" uga dadi ora pasti.

                                     

1. Panrapan

Konsèp lan istilah iki wis ditrapaké kanthi amba sing sawatara fénoména kabudayan kaya ta Alkitab lan Zionisme, seni béla dhiri Jepang, "mitos highland ing Sekotlan, lan tradhisi-tradhisi agama-agama gedhé, ing antarané. Konsèp iki pangaribawané gedhé ing konsèp-konsèp kagandhèng sing mèmper kaya ta konsèp komunitas bayangané imagined comunities Benedict Anderson lan èfèk pizza.

                                     

2. Resènsi

Salah sawijiné juru resènsi téyori iki ngandharaké manawa "tradhisi sing diciptakaké iku sawijining ukara sing apik banget kanthi subvèrsif" nanging ukara iki "ndarbèni surasa sing ambigu." Hobsbawm "mbandhingaké tradhisi sing diciptakaké karo apa sing diarani kakuwatan lan daya adhaptasi tradhisi asli. Nanging ing ngendi daya adaptasiné utawa apa sing diarani déning kancané Ranger flèksibilitas iku entèk lan panyiptan tradhisi wiwit? Déné kabèh tradhisi iku owah, apa bisa utawa migunani manawa wong iku nyoba mbédakaké barang antik sing asli saka sing palsu?" Juru resènsi liya uga ngelem kwalitas artikel-artikelé sing dianggep dhuwur nanging dhèwèké uga ana kritiké. "Pamilahan kaya mangkono" antara tradhisi sing diciptakaké karo sing asli "bakal mungkasi dadi asli lan palsu. Pamilahan kaya mengkéné iku sawijining pamilahan sing ora bisa ditampa amarga kabèh tradhisi kaya kabèh fénoména simbolis digawé déning manungsa "palsu" lan ora dumadi kanthi alami "asli".

                                     
  • Manungsa diciptakaké ing Donya supaya tansah nindakakaké tumindak kanthi becik lumantar akal. Akal mau bisa kanggo mbedakaké marang makhluk liya sing ana ing