Back

ⓘ Henrik Pontoppidan




Henrik Pontoppidan
                                     

ⓘ Henrik Pontoppidan

Henrik Pontoppidan inggih punika salah satunggaling penulis realis ingkang sesarengan kaliyan Karl Gjellerup alias Epigonos pikantuk Penghargaan Nobel Babagan Sastra nalika taun 1917 kanggé "penggambaranipun ingkang karinci babagan pagesangan wekdal punika wonten ing Denmark." Novèl-novèl lan carkak-carkak Pontoppidan –wosipun pangarep saperlu kamujuan sosial nanging ing wuri kicalan pangarep saking perwujudanipun - ngrawuhaken gegambaran ingkang jangkep saking nagari lan jamanipun.

Putra salah satunggaling pendeta, Pontoppidan berjuang tumrap lingkunganipun kaliyan sinau babagan teknik wonten ing kutha Kopenhagen nalika taun 1873. Wonten ing taun 1879 piyambakipun mandheg sinau lan dados guru sadangunipun pinten-pinten taun. empalan cariyos ingkang angka pisanipun dipunterbitaken rikala taun 1881, lajeng piyambakipun nyokong dhiri kaliyan nyerat, dumugi ing taun 1900 minangka salah satunggaling wartawan wonten ing sajumlah ariwarta Kopenhagen.

                                     

1. Karya

Karya Pontoppidan - mliginipun novèl lan carita ckak wonten ing "gaya dingin", tebih, lan epik–merentang sadangunipun sepalih abad lan nyariosaken sapérangan ageng segi pagesangan wonten ing Denmark.

Buku ingkang kapisanan babagan pagesangan désa-kutha. Landsbybilleder 1883; "Gambar Désa", Fra Hytterne 1887; "Saking Gubuk", lan Skyer 1890; "Mendhung" dipuncirikaken kaliyan kadukan sosial nanging ugi apresiasi ironis kepuasan dhiri pribadi lan sikap pasif penduduk nagari. Trilogi Det forjættede land, 3 jilid 1891, 1895; Tanah ingkang Dipunjanjikaken, nggambaraken kontroversi keagamaan wonten ing distrik-distrik nagari punika Denmark. Wonten ing taun 1890-an Pontoppidan nyerat novèl cekak babagan prakawis psikologi, estetika, lan moral - mis, Nattevagt 1894; "Pengawal Dalu", Den gamle Adam 1895, lan Hojsang 1896; "Lagu Agung". Sedayanipun kadhérékaken déning utama, novèl Lykke-Per 1898-1904; "Per ingkang Bejo", ing pundi tokoh utamanipun mirib sanget kaliyan Pontoppidan. Piyambakipun inggih punika putra salah satunggaling pendeta ingkang nglawan swasana puritan wonten ing dalemipun lan pados kabegjan wonten ing kutha krajan minangka salah satunggaling insinyur. Tema buku punika inggih kekiyatan lingkungan, lan kecenderungan nasional dhateng arah lamunan lan kawedén realitaas dipunkecam.

Lingkaran novèl paling ageng ingkang kaping 3 Pontoppidan, De dodes rige, 5 jilid 1912-1916; "Kamaharajan Kematian", nedahaken boten puasipun saking perkembangan pulitik sabibaripun kamenangan kaum liberal nalika taun 1901 lan kawedén saking kemandulan jaman ingkang énggal. Novèl pait Mands himmerig 1927; "Swarga Manungsa" nggambaraken Denmark ingkang nétral sadangunipun kadadosan Perang DOnya I lan nyerang materialisme ingkang boten kapikiraken. Karya pungkasan ingkang wigat sanget saking Pontoppidan inggih punika 4 jilid memoar ingkang dipunterbitaken antawis taun 1933 lan 1940 lan ingkang medal wonten ing versi kempalan lan cekak ingkang dipunsukani judhul Undervejs til mig selv 1943; "Jalur Dhiriku".

                                     
  • von Heidenstam Swèdhen 1917 Karl Adolph Gjellerup Denmark lan Henrik Pontoppidan Denmark 1918 ora ana 1919 Carl Friedrich Georg Spitteler Swiss
  • Johannes Vilhelm Jensen, Sastra, 1944 Niels Jerne August S. Krogh Henrik Pontoppidan Sastra, 1917 Jens Skou Martti Ahtisaari Ragnar A. Granit Frans Eemil
  • France 1920 Knut Hamsun 1919 Carl Spitteler 1917 Karl Gjellerup, Henrik Pontoppidan 1916 Verner von Heidenstam 1915 Romain Rolland 1913 Rabindranath Tagore